Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/133

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Nglarah Bab Dumadine Kawah Jaka Pekik lan Rara Dhenok

padha ana ing pucak punthuk, mbok randha enggal-enggal mbengoki sarosane. Bola-bali anggone mbengoki, nganti meh entek suwarane. Bareng karo pambengoke mbok randha sing pungkasan, panganten sakloron ilang musna tanpa lari. Anak-anake ora padha katon, mbok randha gita-gita mlaku rerikatan munggah ing gumuk. Tekan ing kono dheweke weruh, kawahe imbuh loro. Awit sakawit mung siji, saiki ana telu. Sing siji ana wetan kawah lawas, sing siji liyane ana ing sisih kulon. Weruh kang mangkono mau mbok randha nakyinake, Manawa kawah anyar loro iku dumadi bareng karo musnane Jaka Pekik lan Rara Dhenok. Mula kawah anyar mau banjur ingaran 'Kawah Jaka Pekik lan Kawah Rara Dhenok'.

Sabakdane kedadeyan iku, mbok randha wetan ngrasa nggrantes atine. Anak sing dilelithing wiwit bayi, lagi wae mlebu ing jagading bebrayatan, wis ndhisiki sowan ing pangayunan Pangeran. Malah-malah bareng karo anake mantu. Kamangka durung ganep sepasar. Wiwit wektu kuwi mbok randha tuwa iki lara. Pranyata sing ngalami rasa nggrantes ora mung dheweke. Dalasan mbok randha kulon uga ngalami. Nalika antuk kabar bab kadadeyan iku, dheweke kaget kepati. Malah sakal semaput. Sawise diupakara tangga teparo sing isih padha ana ing kono, dheweke eling purwaduksina. Ananging terus lara sing nrenyuhake.

Rada suwe anggone padha lara, mbok randha loro mau, kaya-kaya wus mbadal saliring usada. Mula kekarone wis padha nglenggana manawa wis cepak puputing umure. Sadurunge padha ngajal, mbok randha tuwa aweh piweling marang sing padha ngrumat, supaya sawise ngajal, jasade dipetak dadi sakluwat karo jasade mbok randha kulon. Piweling sing padha, uga diwenehake dening mbok randha anom.

Mbokmanawa pancen wis dadi karsaning Kang Murbeng Urip, kacihna oncating sukma sejati saka mbok randha loro iku, meh bareng. Bab patine mbok randha loro kuwi age-age dilapurake marang Carik ing Kuwu. Carik nyaosi kabar marang Lurahe. Pak Lurah lan Pak Carik padha sarujuk andum karya. Pak Lurah mandhegani ngrukti layone mbok randha wetan. Dene Pak Carik mandhegani ing pondhoke mbok randha kulon. Pak Lurah lan Pak Carik, kekarone padha cekat-ceket nindakake jejibahane dhewe-dhewe. Ora let suwe kabeh wus miranti. Tumuli diadani upacara pambudhaling layon.

Rehne mbok randha sakloron njaluk supaya jasade dikubur nunggal sakluwat, mula budhaling layone mbok randha anom luwih dhisik, tumuju menyang pasarean ing lor-wetan bledhug. Ora antara suwe layone mbok randha tuwa uga dibudhalake, tumuju pasarean sing padha. Layon loro iku tekan ing pasarean meh bareng. Sawise diadani upacara satataning panembah, layon sakloron padha disarekake dadi sakluwat. Wiwit iku, pasarean mau kawentar ingaran pasareane Nyai Dhukun. Pasarean sing saben sasi Ruwah tansah dadi jujugane wong-wong sing padha nyadran."

Kempalan Cariyos Rakyat Jawi

123