Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/132

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

D. Djumadi

Dhenok. Bebasan kembang, Rara Dhenok wektu kuwi wis wiwit ngongasake ganda kang amrik. Ora mokal, lamun akeh kombang sing kepingin necep madu sarining kembang mau. Sanadyan mangkono, wong-wong ing desa Kuwu kono wis padha mangerti, manawa mbok randha loro kuwi wis padha sarujuk, yen ing tembe buri bakal njodhokake Jaka Pekik karo Rara Dhenok dadi bojone.

Rehne wektu kuwi Rara Dhenok wus pantes kawengku ing kakung, dene JakaPekik dhewe uga wus katon adreng anggone kepengin mengku Rara Dhenok, mula ora let suwe kekarone diresmekake. Sanadyan mung sarwa prasaja, nanging ora ninggal tatacara adat ing desa kono. Uga ing bab tatacaraning panembah. Kang mangkono iku, njalari tampuking gati bisa kaleksanan kanthi becik, rancag tur kali sing rubeda lan sambekala. Sapurnaning wiwahan ing omahe mbok randha lor-kulon, panganten sarimbit terus diboyong menyang omahe mbok randha lor-wetan.

Kacarita, sore sabakdane diresmekake, panganten anyar iku kepengin arep weruh kawah ing punthuk gumuk, ngiras pantes ngenggar-enggar ati. Nalika kandha marang biyunge, dheweke ora nayogyani. Anehe, sangsaya dipambengi, panganten sarimbit sangsaya adreng anggone kepengin mbuktekake. Paribasan, dirantea medhot, dipalangana mlumpat. Mula bareng karo wong-wong sakiwa tengen omahe, padha mangkat arep adus ing kali sacedhake desa kono, Jaka Pekik lan Rara Dhenok padha nylingker liwat lawang butulan. Biyunge ora nyana lamun anak lan mantune metu liwat lawang butulan.

Metu saka lawang butulan, Jaka Pekik lan Rara Dhenok gegancangan tumuju pucaking gumuk. Sawise rada adoh, anggone padha lumaku wis ora rerikatan maneh. Karo nyawang endahing swasana meneri srengenge wiwit angslup ing kuloning gunung, kekarone padha ngrasa tentrem lan begja. Apa maneh kawimbuhan meruhi anane tanem tuwuh sing lagi gumadhung. Godhonge sing ijo royo-royo, mahanani sangsaya tentreming ati.

Bareng anggone lumaku wus meh tekan pucaking gumuk, dumadakan penganten sakloron padha weruh muncrate bledhu saka ing kawah. Bledhu mau muncrat mandhuwur, marambah-rambah, kaya-kaya arep ngenani sing lagi padha andon laku. Ora kanyana-nyana Rara Dhenok methal saka sisihane, amarga wedi. Jaka Pekik, sanadyan atine rada was-was bab pethale Rara Dhenok saka dheweke, dheweke nerusake lakune. Ora antara suwe tekan ing pycaking gumuk. Tumuli katon jumedhule Rara Dhenok saka iring kulon. Kekarone tekan sacedhake kawah.

Nalika iku wayahe wis repet-repet meh surup. Mbok randha wis suwe anggone nggoleki rek kanggo nyumed diyan. Nuli metu saka ngomah arep njaluk geni tanggane. Bareng dheweke tekan ing njaban pager, mengo mangidul. Saka kono mbok randha weruh, yen anak lan mantune ana ing pucak punthuk. Jaka Pekik ing sisih wetan, dene Rara Dhenok ing sisih kulon. Weruh anak-anake

122

Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta