Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/131

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Nglarah Bab Dumadine Kawah Jaka Pekik lan Rara Dhenok

kono, pitakon marang Laras, "Dados, Nak Laras badhe dhateng pucaking gumuk nginggil menika?" Laras caos wangsulan, "Inggih, Pak. Namung kemawon, sejatosipun ingkang baku tumrap kula, sanes kawahipun menika kados pundi, kados menapa. Ananging larah-larahipun kados pundi, denea wonten kawah menika."

"O, nek bab niku, kula gadhah dedongengane sing kula tampi saking para leluhur kula. Sanadyan bokmenawi boten saged jangkep kados sing ndika maksud," kandhane Pak Sagotra karo nata lungguhe. Laras nyambung ngandikane Pak Sagotra kanthi suka gambira, ature, "Oo inggih langkung prayogi menawi makaten, Pak Lurah." Kandha mangkono mau, sajroning ati Laras ngunandika, 'Yen Pak Lurah kagungan dedongengan liya, sing ora padha sing dicritaake Nyai Bremani wingi, bisa kanggo nambahi kawruhku.' Iya awit kang mangkono iku, Laras gita-gita matur marang Pak Sagotra, "Menawi makaten, sumangga Bapak kula aturi medharaken kanthi wijang, kula badhe mirengaken." Pak Sagotra tumuli miwiti ndongeng:

"Duk inguni, embuh kapan kuwi. Ing lambunging puntuk Kuwu, ana mbok randha loro, sing urip ing bebrayan agung ing laladan kono. Mbok randha tuwa manggon ing pojok lor-wetaning kawah. Dene mbok randha sing luwih enom, manggon ing pojok lor-kulon. Kala semana, omah sing padha dienggoni cagake pring, dene payone atep. Mbok randha wetan duwe anak siji, lanang, jenenge Jaka Pekik. Jaka sing bagus, gagah tur becik bebudene. Watak mangkono iku diwarisi saka embokne, mbok randha wetan. Mbok randha iki becik uripe, tansah ngudi kautaman. Nduweni watak andhap asor, lembah manah, grapyak sumanak tur dhemen tetulung marang sapa wae. Watak wantu sing kaya mangkono mau njalari dheweke sakulawarga disuyuti dening warga sakiwa tengene. Ora mung iku, dheweke uga dianggep wong tuwa sing sugih kawruh. Malah-malah dadi paran pitakonan tumrap tangga teparone. Jaka Pekik, wiwit cilik mula digegulang kautaman. Sopan, andhap asor, jujur, asih tresna marang pepadha, welas asih marang para miskin, papa lan cacad. Watak wantu kang kaya mangkono iku ora mung kandheg ing rasa, nanging mawujud ing uripe sadina-dinane. Dadi ora nggumunake menawa dheweke uga disuyuti dening kanca-kancane. Uga oleh pangalembana tangga sakiwa tengene.

Mbok randha sing cumondhok ing pojok lor-kuloning kawah, ora akeh bedane karo mbok randha tuwa. Mbok randha iki uga nduweni watak wantu sing becik. Sing beda amung papan lan enom-tuwane. Mbok randha iki umure udakara enem taun luwih enom. Kang mangkono iku njalari kaya-kaya kautamaning uripe kaprabawan dening kautamaning uripe mbok randha wetan, Sanadyan mangkono, dheweke ora nate duwe rasa meri, serik utawa lara ati. Mbok randha enomg laladan kono. Mbok randh iki anake uga mung siji, wadon. Nalika iku dheweke umur kurang-luwih 15 taun. Tangga ing kiwa tengene ngundang dheweke, Rara

Kempalan Cariyos Rakyat Jawi

121