D. Djumadi
kasaenan panjenengan wau. Ingkang menika, namung kula sumanggaaken dhumateng sih kamirahan Dalem Pangeran ingkang mahamirah. Mugi Panjenenganipun karsa paring piwales dhateng kasaenan panjenengan. Lan kula, nyuwun lubering sih pangaksama, bokbilih sadangunipun kula cumondhok ing griyanipun Nyai, pinanggih wonten bab-bab ingkang boten ndadosaken renaning panggalih panjenengan. Samangke, kula nyuwun pamit, badhe nglajengaken lampah. Mugi Nyai tansah winantu ing karahayon lan tansah manggiha suka-basuki. Dene kula nyuwun donga pangestu panjenengan."
Samono uga, Nyai Bremani ya ngrasa sumedhot, nalika mangsuli kandhane Laras, "Iya Ndhuk, aku samono uga. Ya mung donga dinonga, muga Gusti tansah ngayomana kowe ing lakumu lan aku ana ing kene. Ora liwat sing ngati-ati. Muga kasembadan sedyamu, tanpa nemu alangan sawiji apa."
"Amin," sambunge Laras. Karo njawat astane Nyai Bremani lan ngarasi, Laras ngaturake dhuwit 'eketan-ewon' loro, nanging diduwa lan ora ditampa dening Nyai Bremani. Dheweke mung kandha, "Gendhuk, aku wis rumangsa seneng kokancani, sanadyan mung sawengi. Sebab, nalika aku ketemu kowe ing lurung wingi sore kae, kaya-kaya aku ketemu putuku, sing mungguha isih urip, gedhe-cilike, enom-tuwane, ya sapantaran kowe kuwi. Mula saka iku, aku ora bisa nampa dhuwit kuwi. Dhuwit kuwi bisa kogunaake liya, samangsa prelu. Dene mengko sore utawa sesuk yen sliramu mudhun saka gumuk Kuwu, mampira maneh." Laras mangsuli, "Inggih, Nyai; kepareng."
"Iya... iya, Ndhuk," wangsulane Nyai Bremani, karo ngepuk-epuk pundhake Laras. Sapisan maneh Laras nyalami Nyai Bremani karo ngaras astane, tumuli budhal saka omah kono. Nini-nini kuwi nguntapake lakune Laras, nganti dheweke ilang saka pandelenge.
Laras, anggone lumaku kanthi lon-lonan. Lumaku watara rong jam, dheweke tekan ing ngarep sawijining kantor. Bareng diwaspadaake jebul Kantor Lurah Desa Kuwu. Laras ngudarasa, 'Begja temen awakku, dene aku ora kesasar. Kacihna aku tekan ing Kantor Lurah Desa Kuwu, kaya sing dikandhaake Pak Baskara wingi.' Dheweke tumuli nothok lawang. Kaping bola-bali anggone nothok lawang, ora ana kang mangsuli. Mula Laras duwe pangira, ora ana punggawa ing kono. Dheweke lali, lamun dina iku dina Ngahad. Dina libur. Sawatara anggone ngadeg ing ngarep lawang, Laras uluk salam, "Kulo nuwun...." Ora let suwe, ana sing mangsuli, nanging saka omah ing buri kantor, "Mangga... sakedhap. Laras isih ngenteni, banjur lawange kantor katon dibuka, ana sawijining pawongan sing wis ndungkap sepuh. Umure udakara 60 taun. Weruh ana tamu, dheweke ngacarani, "Oo mangga, mangga; katuran lenggah."
"Inggih, Pak. Matur nuwun," ature Laras karo mapan lungguh ing kursi. Sawise Laras nepungake, Pak Sagotra, sing ora liya lurah ing desa Kuwu120
Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta