Nglarah Bab Dumadine Kawah Jaka Pekik lan Rara Dhenok
seserepan bab bledhug mau. Mula sore iku, penganten sarimbit padha kepengin meruhi kahanane kawah ing pucaking gumuk iku. Sanadyan wis padha ngrungu saka gotheking wong akeh bab wingit lan angkering kawah mau, kekarone ora padha ngandel; malah kepara maido. Nalika penganten anyar iku nyuwun pamit karo wong tuwane, kepengin ngenggar-enggar ati karo ngrasaake nikmating swasana ing wektu iku. Wong tuwane wis manti-manti, supaya ngati-ati, aja padha ninggal duga lan prayoga. Kepara malah dipambengi. Ewadene parikudu kepengin meruhi kawah mau.
Dhek samana, penganten sarimbit wis munggah ing lambunging gumuk. Bareng tekan ing tengah-tengahing lambung gumuk, ora kanyana-nyana kekarone weruh muncrate bledhu saka kawah. Dumadi ambal-ambalan. Kagawa saka wedi kecipratan bledhu, penganten wadon, tanpa sraba-sraba misah saka sing lanang. Lakune nrabas mangidul-ngulon. Dene sing lanang terus munggah. Miturut petunge dheweke ora bakal kecipratan bledhu mau.
Sawise padha bisa nyingkirake sakehing rintangan lan pepalang, penganten sarimbit padha tekan ing pucaking gumuk. Satemene kekarone padha duwe rasa uwas. Luwih-luwih penganten lanang. Bareng wis padha ketemu ing pucaking gumuk, kekarone padha rerangkulan. Nanging sepira kagete nalika padha meruhi, lemah sing padha diidak, horeg. Nuli gonjing bola-bali. Malah sawise iku, lemah sing padha diidak iku pethal saka sakiwa tengene. Dadi saemper prau kapurba ing alun. Saking kaget lan wedine, arep padha mbengok njaluk tulung. Durung kelakon njelih, penganten sakloron ilang musna tanpa lari. Penganten iku sing lanang Jaka Pekik, lan sing wadon Rara Dhenok. Mula kawah iku banjur kawentar ingaran "Kawah Jaka Pekik lan Rara Dhenok".
Laras anggone migatekake Nyai Bremani nganti kaya kami tenggengen. Dheweke sadhar, sawise pundhake dicablek dening Nyai Bremani, sing muwus, "Mangkono ndhuk, dedongengan sing dakrungu saka biyungku suwargi." Karo rada gragapan, Laras mangsuli, "Oh, inggih ta, Nyai?" Nyai Bremani sumambung, "Wis ndhuk, saiki ayo padha ngaso. Turu sing kepenak, sesuk esuk badan dimen pulih seger, isa nutugake laku.
"Inggih Nyai, sugeng sare." Matur mangkono, Laras mlebu kamar, wiwit ngaso.
Esuke, sawise padha sarapan, padha gojegan lan omong-omong sawatara, Laras duwe niyat arep pamit, nerusake laku. Sanadyan ngrasa abot arep ninggalake Nyai Bremani, dheweke kudu bisa ngendhaleni rasa kang mangkono mau. Nuli, kanthi pedhot-pedhot tembunge, njaluk pamit marang Nyai Bremani, "Nyai,... rehne samenika sampun padhang, kula... badhe... nyuwun pamit.... nglajengaken lampah....Kula ngaturaken agenging panuwun, awit pitulungan panjenengan. Damel repot panjenengan. Kula rumaos boten badhe saged caos piwales dhatengKempalan Cariyos Rakyat Jawi
119