D. Djumadi
sesuk bisa koterusake, munggah ing pucak Kuwu iku."
Nyetitekake pamrayogane Nyai Bremani mau, Laras nangkep lamun pamrayoga mangkono, becik. Mula ora nganggo tidha-tidha, Laras matur kanthi urmat, "Menawi makaten, kula ngaturaken agenging panuwun, Nyai. Namung kemawon, kula maksih nyuwun gungan, mugi Nyai kersa medharaken bab kawah ing pucaking Kuwu menika.
"Bab iku tinemu gampang, ndhuk, waton sliramu ora kesusu ngantuk, wangsulane Nyai Bremani. Dene Laras mung matur, "Sendika, Nyai."
Bakda iku kekarone padha lumaku ngener menyang pondhoke Nyai Bremani. Gancaring laku, Nyai Bremani sing didherekake Laras wus tekan ing pondhok sing dituju. "Ayo nduk, mlebua ing pondhokku," pangajake Nyai Bremani. Laras atur wangsulan, "Inggih, Nyai." Bareng wus padha lumebu ing omah, Nyai Bremani kandha: "Nduk Laras, yen sliramu arep siram, ing pojoking omah iki ana pakiwane sing pantes kanggo adus. Dene yen rumangsa kadhemen, prayoga lamun suryan wae, supaya ora mangsuk angin." Laras mung matur, "Inggih, Nyai." Tumuli jumangkah menyang papan sing dituduhake Nyai Bremani mau.
Bareng karo Laras anggone ngresiki awak, Nyai Bremani nyawisake lawuh kanggo mangan bebarengan. Karo ngenteni Laras samekta, Nyai Bremani ngeningake cipta. Pamrihe supaya bisa njlentrehake bab bledhug ing pucaking gumuk Kuwu kanthi wijang lan runtut.
Ora let suwe, Laras sing dienteni wis samekta. Nyai Bremani gita-gita ngacarani, "Ayo nduk Laras, kita padha miwiti kembul mangan." Antuk dhawuh mangkono mau, karo mesem, Laras malah matur, "Nyai, menapa dalu menika, kula estu badhe nampi jlentrehan bab bledhug Kuwu wau?"
"Aja sumelang, ndhuk. Saiki ayo padha mangan dhisik. Kanthi mangan, daya kekuwatanmu lan kekuwatanku, pulih."
"Oh inggih mangga, Nyai," sambunge Laras. Sanadyan ora akeh anggone padha omong-omongan sasuwene padha kembul mangan, ewadene wiwit iku sesambunge Laras karo Nyai Bremani katon rumaket. Ora mantra-mantra kaya tamu lan sing ketamuan, kaya dene embah lan putune.
Sabakdane kembul mangan, Laras ngrewangi ngresiki meja dhahar. Piring, sendhok sarta piranti kembul mangan, kabeh digawa menyang papan sing wis tinamtu, perlu diasahi. Mlebu ing omah, Laras weruh Nyai Bremani wis samekta anggone njlentrehake bab bledhug Kuwu. Sawise Laras lungguh ing cedhake, Nyai Bremani miwiti ndongeng, tuture:
"Miturut dedongengan sing dakrungu, nalika iku, wayah sore. Ana penganten anyar ing Kuwu kene, sing durung sepasar umure. Sanadyan penganten sakloron iku, wiwit cilik wis mapan ing desa Kuwu kene, kekarone uga durung nate antuk118
Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta