Nglarah Bab Dumadine Kawah Jaka Pekik lan Rara Dhenok
Terus jumangkah nuju kamar nomer 11. Dheweke mbuka lawang kamar, terus mlebu ing kamar. Kanthi kebak ing pangati-ati, Laras nitipriksa kamar iku. Sawise dheweke ngrasa ora ana sing perlu dicubriyani, Laras nuli ngresiki badan ing kamar mandhi. Kanthi mangkono, badan lan pikirane krasa seger. Laras maca Koran ing dina iku. Saking sayahe, kawimbuhan edhum papane, Laras turu. Dheweke rada kaget, nalika nglilir, jebul wis jam telu sore. Mula engal-enggal metu saka kamar, nuju menyang kamar mandhi, arep adus. Sarampunge adus, Laras mlebu kamar. Eling marang rancangan kang bakal katindakake ing sore iku, Laras ngringkesi barang-barang gawane, ditata ing jero tas. Sawise samekta kabeh, Laras metu saka kamar hotel, nemoni sing jaga hotel. Tembunge, "Pak Bas, satemene kula niki badhe dhateng Kuwu, papane bledhug ingkang sampun kawentar niku. Kula nyuwun dipunparingi priksa marginipun." Sawise mikir sadhela, Pak Bas sing ora liya nama Baskara mangsuli semu pitakon, "Ndika badhe tindak dhateng Kuwu?"
"Inggih mila makaten, Pak," wangsulane Laras. Baskara migatekake pamintane Laras, kandhane, "Kuwu menika satunggaling dhusun ing laladan Kradenan, Kabupaten Grobogan, Propinsi Jawa Tengah. Saking papan riki tebihipun kirang langkung 28 km, mangetan."
Sawise nampa katrangan saka Baskara sing dirasa cukup, Laras katone ngrasa lega. Tumuli pamit, budhal tumuju menyang desa Kuwu.
Gancaring carita, Laras anggone lumaku wis tekan ing tapel watese desa Kuwu. Wayahe wis meh surup. Mudhun saka bis, Laras lumaku alon-alon ing dalan desa kono. Ati ngrasa tentrem. Rasa kang mangkono iku arang dirasaake ing omahe. Saka anggone kalegan atine, Laras ora nglegewa, manawa anggone lumaku wis wiwit munggah. Sangsaya suwe sangsaya munggah ing lempenging gumuk Kuwu. Suwe-suwening suwe, Laras ngrasa sayah. Dheweke leren ing pinggiring lurung.
Durung suwe anggone leren karo nganam-anam pikir, ora kanyana-nyana, saka kadohan katon ana sawijining nini-nini sing lumaku satujuan karo dheweke. Ing sajroning ati Laras ngrasa bungah, awit bakal ana kanca sing bisa kanggo rowang sasuwene andon laku.
Bareng lakune nini-nini mau wis cedhak, Laras gita-gita methukake. Karo ngathungake tangane, njawat astane nini-nini iku, karo matur, "Nini, kepareng nepangaken, nama kula Laras, saking Ngayogyakarta." Dene nini-nini iku paring wangsulan, "Daktrima, ndhuk; aku Bremani, Nyai Bremani. Lha sliramu arep tindak menyang ngendi, nduk?" Sing ditakoni atur wangsulan, "Kula badhe dhateng kawah nginggil nika." Nyai Bremani sumambung, "Lho, wis wayah surup ngene kok arep menyang pucak gumuk, apa maneh nyaket ing kawah. Apa ora mbebayani? Luwih becik sliramu cumondhok lan nginep ing pondhokku. DinaKempalan Cariyos Rakyat Jawi
117