Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/125

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Dhanyang Gunung Tugel

Swasana ing Desa Wanareja dadi tintrim, awit akeh wargane sing nandhang kasusahan. Senadyan ngono ing batin padha mikir marang pangandikane pimpinan kabupaten bab asale banjir mau, mbok menawa pancen bener merga gunung sing gundhul nyebabake banjir bandhang, suwe-suwe uga padha mikir yen sing nyebabake gunung dadi gundhul mau Pak Dira lan andhahane, nanging arep cluluk padha ora wani marang Pak Dira sing dianggep sesepuh ing desa kono.

Ing sawijining wengi ing Desa Wanareja ditekani rombongan polisi kang tujuane ora liya nggoleki Pak Dira. Bareng tekan omahe Pak Dira, polisi tumuli nangkep Pak Dira. "Kenging napa bapak-bapak polisi kok nyepeng kula?" pitakone Pak Dira karo ngendhani tangane polisi. "Inggih Pak Dira, kula pikantuk tugas saking komandan kula kedah nyepeng Pak Dira dalu niki, awit kula wau nyepeng andhahan sampeyan ingkang mbekta kajeng dateng kitha tanpa serat idin, lan piyambakipun criyos menawi ingkang kengkenan sampeyan, sakniki sampeyan kula bekta dateng kantor, "wangsulan polisi. "Nanging Pak.....," kandhane Pak Dira ora diterusake merga tangane dikecrek dening polisi lan ditumpakake mobil, digawa menyang kantor polisi.

Kabar yen pak Dira ditangkep polisi wis sumebar ing desa kono, dene para warga akeh-akehe padha kaget awit Pak Dira sing dianggep sesepuh jebulane nerak bebener, anggone negori wit-wit mau kanthi ora resmi tanpa oleh idin saka pamarintah, dadi wis sak trep yen mengkone Pak Dira kena paukuman sing abot, sebab tumindake kena diarani nyolong kayu sing cacahe ora sethithik, malah nganti ndadekake banjir lan lemah longsor kang gawe rugine para warga, malah nganti ana warga kang nemahi tiwas. Wong-wong banjur padha ngerti pokale Pak Dira anggone ngalihake kawigatene warga sing kanthi pawadan kang nyebabake banjir lan lemah longsor mau Dhanyang Gunung Tugel ngamuk.

Sajerone ngantu-antu kabare Pak Dira kepiye anggone duwe urusan karo polisi lan pengadilan, ing desa Wanareja ditekani para petugas saka kabupaten kang nggawa bibit-bibit tanduran kanggo gawe ijone Gunung Tugel lan sakiwo tengene. Warga nanggapi kanthi bungah lan padha gotong royong nandur bibit tanduran mau, lan duwe pengarep-arep ing tembe mburine gunung Tugel dadi ijo royo-royo maneh kaya maune, sing sakbanjure Desa Wanareja bali dadi desa kang makmur gemah ripah loh jinawi. -@

Kempalan Cariyos Rakyat Jawi

115