Tulus Widodo
kaya sing dikhandake dening Pak Dira, nyatane bareng saiki diopeni lan disajeni kahanan ing desa kono dadi aman.
Nanging tan kocapa bareng tekan titiwancine mangsa rendheng akeh udan lan angin gedhe ing desa kono kedadeyan banjir bandhang, lemah padha longsor, wit-witan padha rungkat, malah nganti ana wong kang nemahi tiwas marga kembrukan omah. Wong-wong padha sambat ngaruara, awit ana sing wargane tiwas, omahe ambruk, lan uga ora bisa panen saka tanduran kang digadhang-gadhang metu asile.
Ana kedadeyan kaya ngono mau pimpinan pamarintah kabupaten ngerti lan padha mertinjo ing Desa Wanareja sing pancen wargane mbutuhake bantuan merga kahanane pancen mrihatinake banget. Ngerti para pimpinan kabupaten padha rawuh, warga ing desa kono padha nemoni, klebu Pak Dira sing dianggep sesepuh ing desa kono. Salah sawijine pimpinan rombongan saka kabupaten kandha marang warga kono, "Bapak-bapak, ibu-Ibu, tuwin para sedherek ing Dhusun Wanareja ingkang kula tresnani, kula ndherek prihatos awit ing Wanareja ngriki kenging alangan banjir, siti longsor, lan ugi wonten saperangan griya ingkang sami ambruk, langkung-langkung wontenipun tiyang ingkang tilar donya, kula namung saged nyaosi bantuan sekedhik kangge ngentheng-enthengi bot-repotipun warga ngriki. Lan saking pemanggih kula, dhusun ngriki ngantos kedadosan kados ngaten menika sebabipun wit-witan sami dipun tegori, ngantos Gunung Tugel ketingal gundhul, menawi rumiyin ketingal ijo royo-royo, mila mboten nate banjirlan siti longsor."
Krungu pangandikane pimpinan Kabupaten kaya ngono, Pak Dira rada kesenggol atine, rumangsa sing duwe pokal negori wit-witan mau dheweke dibantu dening para andhahane, banjur dheweke cluluk, "Kula boten pitados Pak, menawi ingkang murugaken banjir lan longsor awit wit-witan dipun tegori, nanging sebabipun Dhanyang Gunung Tugel ingkang ngamuk." Pimpinan Kabupaten wangsulan, "Kula boten pitados yen sing damel bencana Dhanyang Gunung Tugel ngamuk, niku namung gugon tuhon utawi tahayul, ampun pitados, ing dhaerah sanes ugi wonten kedadosan kados ngaten niki lan sebabipun inggih awit alas-alas sami dipun tegori wit-witipun, gunung-gunung sami gundhul, pramila mangga mangke kita sareng-sareng nanemi malih wonten ing Gunung Tugel ngriki, mangke saking kabupaten badhe nyaosi bibitipun, wonten sengon, albasia, jati, lan sanes- sanesipun, bapak-bapak sami purun ta?", wangsulane para warga, "Nggih, Pak. Sawise kuwi pepanggihan bubar banjur padha mulih menyang omahe dhewe- dhewe.
Pak Dira atine krasa mangkel marang pimpinan kabupaten sing ngandhakake banjir mau sebabe merga Gunung Tugel saiki wis gundhul. Nanging dhasar Pak Dira wonge pancen mung dakmenang mula tetep kepengin negori kayu-kayu didol ana ing kutha.
114
Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta