Dhanyang Gunung Tugel
Gunung Tugel nesu, ora ana sing ngopeni. Lan kowe ya ngerti dhewe ta Met, barenga aku sregep caos sesajen lan ngopeni Dhanyange Gunung Tugel kae, uripku saya kepenak, rejekiku dadi lancar lan wong-wong padha ngajeni marang aku," celathune Pak Dira.
"Menapa nggih Pak Dira?" celathune Slamet.
"Kowe percaya apa ora karo aku, yen ora percaya ya wis, nanging yen mengko Dhanyange ngamuk aku ora tanggung jawab, desa kene banjir gedhe, lemah padha longsor, sing rugi rak ya warga desa kene ta, mula kowe balia kandha karo tangga-tanggamu, supaya gelem ngopeni pepundhen kae, mengko ya aman ora ana alangan apa-apa," wangsulane Pak Dira.
"Oh enggih Pak kula pitados, mangke kula tak sanjang kaliyan kanca-kanca bab menika," wangsulane Slamet.
"Ya wis kana ndang mulih," wangsulane Pak Dira.
Sakwise cukup anggone rembugan, Slamet banjur mulih, tekan ngomah crita marang bapakne, apa sing dikandhakake dening Pak Dira marang dheweke.
Bapakne Slamet sing jenenge Pak Reja kandha :
"Apa tenan ya Met, merga wong-wong kene ora tau ngopeni watu sing neng kulon kali kae banjur kerep banjir, lemah-lemah padha longsor."
"Nggih ngoten niku ngendikane Pak Dira, awak dhewe menapa mboten percaya Pak kaliyan Pak Dira," wangsulane Slamet.
"Iya aku percaya, wong sak desa kene sing tak anggep paling pinter lan mumpuni ya mung Pak Dira," wangsulane Pak Reja.
"Lha nggih sinten malih yen mboten Pak Dira ingkang dipun pitados?" celathune Slamet.
"Banjur Pak Dira ngendika apa maneh Met, amrih desa kene aman ora banjir lan ora ana lemah longsor?" pitakone Pak Reja.
"Inggih Pak, kula didhawuhi ngabari tanggi-tanggi sak kiwa tengen ngriki supados sami purun ngopeni lan caos sesajen watu ageng ngandhap randhu alas menika, papanipun Dhanyang Gunung Tugel", wangsulane Slamet.
Sabanjure Slamet lan Pak Reja wara-wara marang tangga-teparone supaya padha gelem ngopeni watu gedhe ngisor randhu alas. Nanging tanggapane tangga-tangga werna-werna, ana sing percaya nanging uga ana sing ora percaya. Wong-wong kang padha percaya nuli padha budhal menyang watu ngisor wit randhu alas saperlu ngresiki lan menehi sesajen ana ing watu mau.
Kahanan mau lumaku nganti pirang-pirang wulan, pancen ora ana kedadeyan apa-apa ing desa kono, mula wong-wong banjur padha percaya tenan yen sing marakake banjir lan lemah longsor awit pangamuke Dhanyang Gunung Tugel,
Kempalan Cariyos Rakyat Jawi
113