Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/122

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Tulus Widodo

isih padha bodho-bodho awit ing desa kono durung ana sekolahan, semono uga marang kawruh bab agama uga isih durung padha ngerti tenan, mula isih padha ketarik bab-bab tahayul utawa gugon tuhon.

Salah sawijine warga ing desa Wanareja ing ereng-erenge Gunung Tugel mau arane Pak Dira, dheweke klebu wong sing paling sugih ing desa kono, pakaryane dagang kayu, negori kayu ing Gunung Tugel banjur diedol menyang kutha, bathine akeh banget mulane Pak Dira enggal dadi wong sugih, andhahane kang ngrewangi nyambut gawe uga akeh.

Gandheng wit-witan ing Gunung Tugel mau saben dina ditegori dening Pak Dira lan para andhahane, wit-witane saya suwe saya suda suwe-suwe gununge dadi gundhul,. Bab mau ora dipikir dening Pak Dira yen mengkone kepriye kedadeyane menawa Gunung Tugel kayune sing gedhe-gedhe dadi entek lan gununge dadi gundhul.

Pak Dira sing dipikir mung bathine wae ora mikir rugine ing samengkone, sing baku waton oleh dhuwit anggone dodolan kayu.

Ing sawijine dina wancine mangsa rendheng ana udan gedhe, saking bantere banyu udan mula dadi banjir lan ana lemah kang padha jugrug; wong-wong padha wedi kanthi anane kedadeyan mau.

Gandheng sing dianggep wong pinter lan mumpuni ing desa kono Pak Dira, mula wong-wong padha takon marang Pak Dira ngenani bab udan sing marakake banjir lan lemah longsor.

Salah sawijine, wong-wong sing takon marang Pak Dira jenenge Slamet, nom-noman ing desa kono:

"Nuwun sewu Pak Dira, sak menika dhusun ngriki saben-saben jawah kok lajeng bena lan wonten siti ingkang longsor, kang mangka rumiyin rak mboten ta Pak Dira?"

Wangsulane Pak Dira: "Sakjane aku ngerti sebabe, sing salah kuwi ya wong-wong ing desa kene.

"Lepat kepripun ta Pak, kok malah tiyang-tiyang ngriki ingkang dipun lepataken" celathune Slamet.

"Lha wong kene saiki padha lali karo pepundhen utawa leluhur sing mbaureksa desa kene sing mapan ana watu gedhe sak kulon kali, sak ngisore wit randhu alas kae." Wangsulane Pak Dira.

"Menapa wonten pepundhen ingkang wonten sela celak lepen nika ta, Pak Dira?" wangsulane Slamet.

"Lha iya, kae rak Dhanyange Gunung Tugel kene, saiki ora ana sing ngopeni, paling-paling ya mung aku sing sok ngopeni, nggawa kembang menyan mrana, mulane desa kene saiki kerep banjir, lemah padha longsor, awit Dhanyange

112

Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta