Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/121

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Dhanyang Gunung Tugel

Tulus Widodo

Diarani Gunung Tugel awit miturut critane gunung mau ditugel utawa dikethok kanggo gawe dalan murih gampang kanggo liwat dening wong-wong kang manggon ing sakiwa tengene gunung mau, kang pancen gununge ya ora patia gedhe lan dhuwur, mula luwih gampang anggone nugel.

Desa-desa ing sakiwa tengene kono dadi desa sing makmur lan kena diarani gemah ripah loh jinawi, apa wae kang ditandur bisa thukul kanthi subur lan bisa dipethik woh-wohane dening warga ing kono. Gunung Tugel yen disawang saka kadohan ketok ijo royo-royo, akeh wit-witan kang gedhe sing kayune bisa kanggo bahan bangunan lan liya-liyane, uga akeh wit-witan kang bisa dipethik woh-wohane. Ing cedhake kono ana kali cilik sing banyune bening lan ora tau asat kanggo keperluan ngoncori sawah-sawahe wong ing karang padesan. Gunung Tugel lan sakiwa tengene sing katon ijo royo-royo mau hawane seger lan sesawangane endah banget, mula ora mokal yen ing laladan kono padha kanggo jujugan wong-wong saka manca desa sakperlu kanggo ngenggar-enggar pikiran utawa seneng-seneng lan kena diarani papan kono kanggo papan wisata. Warga Desa Wanareja bareng ngerti akehe wong-wong sing saben dina padha nekani utawa wisata luwih-luwih yen dina minggu utawa dina prei, banjur padha nggelar dagangan maneka warna kanggo ngladeni para wisata mau, malah kala-kala para wisata disuguhi tontonan dening warga kono, kayata jathilan, angguk, lan liya-liyane, dhasare wong-wong ing desa kono padha seneng ngudi marang seni lan kabudayan. Kanthi akehe wong kang padha wisata, desa kono bisa dadi papan sing kanggo golek pangupa jiwa, kejaba tetanen sing wis wiwit biyen dilakoni. Wong ing desa kono padha seneng uripe awit mapan ing desa kang makmur, mung emane para wargane akeh-akehe

Kempalan Cariyos Rakyat Jawi

111