Gunawan Sigit Putranto
"Kuwi gampang" pangandikanipun Sunan Kalijaga. Nuli tindak mangetan, lan ing ngriku Sunan Kalijaga nancepaken cis ing ponang séla. Séla pecah lan mili toya wening. Cis lajeng kagèrèt mangilèn nuju gumuk Pajimatan. Ilining toya wening nurut purugipun cis.
"Saiki wus ana banyune Jebèng, mula payo andum basuki, sira baliya ana ing Mataram" pangandikanipun Kangjeng Sunan Kalijaga.
"Sendika Éyang" Kangjeng Sultan Agung nyendikani.
Sasampunipun dumugi ing Kraton Mataram, Kangjeng Sultan Agung nimbali sedaya punggawaning Kraton Mataram. Sasampunipun sedaya pepak andhèr, Kangjeng Sultan Agung lajeng medhar sabda. "Siwa Purbaya, kakang Pengulu Katégan lan kowé Singoranu. Mula Ingsun rada suwé ora mapan ing Kedhaton, Ingsun mentas saka ing Mekah saperlu nyirep anané pageblug srana pusaka Dwaja Tunggulwulung. Mula yèn ing tembé kadadéyan pageblug, Tunggulwulung banjur di miyosaké, pageblug mesthi ilang sakala. Lan Ingsun nedya yasa Astana ing gumuk Merak kang Ingsun paring tetenger Pajimatan. Mula saka karsaningsun, andhawuhaké marang Bupati Jepara, Tumenggung Citrasoma supaya yasa Astana, laras karo dhawuh Ingsun."
"Sendika" wangsulanipun Tumenggung Citrasoma, énggal bidhal tumuju gumuk Merak, nindakaken dhawuh Dalem Kangjeng Sultan Agung yasa Astana.
Purna Sabda Dalem Kangjeng Sultan Agung Hanyakrakusuma ing Mataram, nglenggahi sabda pandhita ratu, kinurmatan Ladrang Golong.
Purnaning pisowanan, Kangjeng Sultan Agung kondur Kedhaton, para ingkang sami sowan bubaran sowang-sowang.-@110
Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta