Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/119

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Dumadosipun Dwaja Kanjeng Kyai Tunggulwulung...

Kasultanan Cirebon saperlu nututi cloroting balang siti suci.

Balang siti suci dhawah ing gumuk Girilaya, ing ngriku Kangjeng Sultan Cirebon lajeng lenggah nenggani ponang balang siti suci. Mboten antara dangu kasaru rawuhipun Kangjeng Sultan Agung.

"Sampun dangu. Paman? Kagungan karsa menapa paman lenggah ing Girilaya ngriki?", pangandikanipun Kangjeng Sultan Agung.

"Kula mbenjing badhé ndhèrèk kapetak ing ngriki, jer punika siti suci." Pangandikanipun Sultan Cirebon.

"Menawi paman mila sampun mantep saèstu badhé sumaré ing ngriki, kenging menapa mbenjing, mbok inggih sapunika kémawon!" sereng pangandikanipun Kangjeng Sultan Agung anawung duka jalaran karsa Dalem jugar.

"Inggih sendika." Sabdanipun Sultan Cirebon. Noyah-nayuh baskara titi mangsa sampun dados keparengipun Gusti, séda sanalika Kangjeng Sultan Cirebon, ugi lajeng kasarèkaken ing gumuk Girilaya.

Kanthi penggalih ingkang cuwa lan anawung duka, Kangjeng Sultan Agung lajeng tindak tumuju Kraton Kidul. Nembé dumugi ing Parangtritis tindakipun kapapag Kangjeng Sunan Kalijaga.

Kangjeng Sultan Agung lajeng ngendika dhumateng Kangjeng Sunan Kalijaga, bab ingkang nembé kalampahan.

"Balang siti suci ingkang dipun sawataken Sunan Kalijaga tumuju Tanan Jawi, dhawah ing gumuk Girilaya nanging balang punika sampun dipun tenggani Sultan Cirebon. Lajeng paman Sultan Cirebon kula anteb, ngersakaken sumaré ing Girilaya. Tinimbang mbenjang nengga menapa, kula suwun séda sapunika kémawon. Sasampunipun séda lajeng kula petak ing Girilaya ugi." pangandikanipun Kangjeng Sultan Agung.

"Wus prastawa dhawuhé kang Maha Kuwasa, Jebèng. Sira ora kena sumaré ing siti suci Mekah." pangandikanipun Kangjeng Sunan Kalijaga.

"Yèn mengkono, balang iki tututana, mesthi tiba ing lemah suci ing Tanah Jawa." sabdanipun Sunan Kalijaga. Kangjeng Sunan Kalijaga lajeng nyawataken ponang balang kang awujud krikil ing gisik, Kangjeng Sultan Agung nututi cloroting balang.

Balang dhumawah ing pucaking gumuk Merak, satunggaling gumuk ingkang tansah kasasaban pedhut.

"Éyang Sunan, gumuk Merak ingkang tansah kasasaban pedhut menika kula paring tetenger Imogiri. Imo ateges pedhut, giri ateges gunung. Ugi sinebat Pajimatan, awit punika dados papan sumarénipun para luhur. Ananging ing ngriki sakalangkung awis toya, lajeng kados pundi ingkang ndhèrèkaken layon kula Éyang, temtu sami kasatan." pangandikanipun Kangjeng Sultan Agung.

Kempalan Cariyos Rakyat Jawi

109