Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/118

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Gunawan Sigit Putranto

kersa Dalem Kangjeng Sultan Agung lan nyuwun tulaksarik kajabel, sageda sirna pageblug saking kitha Mekah. Mireng panyuwunipun Imam Sufingi sakanca punika wau, Kangjeng Sultan Agung namung ngendika sawanda "Gampil" lajeng jumeneng, miyos saking mesjid sarta ngampil Kangjeng Kyai Tunggulwulung.

Kangjeng Sultan Agung lajeng nimbali tetindhihing para teluh, Nyai Rara Kidul ingkang marak sarwi matur "Abdidalem kula ingkang marang Sinuwun. Wonten kepareng Dalem paring dhawuh."

Kangjeng Sultan Agung lajeng paring dhawuh, "Mangertiya, wong Mekah wis mertobat marang Ingsun, malah kepara Ingsun dicaosi pusaka serban agemdalem Kangjeng Nabi Muhammad. Saiki serban diparingi asma dening Eyang Sunan Kalijaga, yaiku Kangjeng Kyai Tunggulwulung. Pusaka Kangjeng Kyai Tunggulwulung iki Ingsun gawé tengara, samangsané kowé sawadyabalamu nindakaké dhawuhé Yayi Ratu Kidul, ndikakaké golèk banten, yen Tunggulwulung iki wus Ingsun wiyosaké, kowé sawadyabalamu kudu énggal bali menyang Kraton Kidul. Wis saiki énggal bali, gawanen kabèh balamu!"

"Sendika, Kangjeng Sultan", caos aturipun Nyai Rara Kidul.

Sasirnaning pageblug wau, Mekah manggih tata, titi tentrem, karta raharja. Imam Sufingi lajeng naturaken panuwun wonten ngarsanipun Kangjeng Sultan Agung.

"Matur sembah nuwun Kangjeng Sultan. Lan ing samangké menawi Kangjeng Sultan ngersakaken badhé yasa Astana lajeng kula aturi milih badhé yasa genthan piyambak, menapa nunggil oara Nabi, menapa celak para Nabi, kasumanggakaken sakarsa Sampéyan Dalem Kangjeng Sultan."

Kangjeng Sultan Agung paring dhawuh, "Gampil, mbenjing samangsanipun, kula nyuwun nunggil para Nabi."

Sareng midanget pangandikanipun Kangjeng Sultan Agung, Sunan Kalijaga lajeng paring dhawuh :

"Jebèng Sultan, yèn sliramu ngersakaké sumaré ing Mekah, trus sapa kang bakal dadi pepundhèné wong Jawa. Sabab ing Tanah Jawa ora ana loro kejaba sliramu. Yèn mung kepingin ngagem lemah Mekah, kuwi bab gampang, Jebèng. Aku dak njupuk lemah saka pasaréyané para Nabi, mengko dak sawatné, mula banjur tututana. Mesthi tiba ing Tanah Jawa."

Sunan Kalijaga énggal mundhut siti pasaréyané para Nabi, lajeng kabuntel ing kacu sarta kabuncang tumuju ing Tanah Jawi. Kangjeng Sultan Agung gegancangan tutwuri kumléyangipun ponang balang.

Kacariyos ing Kasultanan Cirebon, Kangjeng Sultan Cirebon pinuju lenggah semadi, priksa cloroting balang. Prastawa paningalipun Sultan Cirebon bilih ponang balang punika isi siti suci. Gegancangan Sultan Cirebon jengkar praja, nilaraken

108

Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta