Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/117

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Dumadosipun Dwaja Kanjeng Kyai Tunggulwulung...

"Dhuh Kangjeng Sunan, kula sakanca rumaos lepat awit mbadal dhawuhipun ingkang wayah Kangjeng Sultan Agung ing Mataram, saéngga kitha Mekah kataman bebendu pageblug. Ingkang punika kula sakanca nyuwun tulung, mbok inggiha kula dipun suwunaken pangapunten ing wayah Paduka, déné ingkang dados sarana panebusing kalepatan kula, Kangjeng Sultan kula caosi pusaka agemdalem swargi Kangjeng Nabi ingkang awujud serban sutra wulung. Punika énggal kaparingna ing wayah Paduka." aturipun Imam Sufingi.

Kangjeng Sunan Kalijaga paring pangandikan, "Kula namung sadermi sampeyan kèngkèn, nanging bab pangapuntenipun wayah kula, kula mboten saged tanggel."

"Mangsa borong Kangjeng Sunan bab mulya lan risakipun Mekah" aturipun Imam Sufingi.

Kangjeng Sunan Kalijaga énggal-énggal kondur ing Tanah Jawi, tumuju ing Kraton Mataram.

Nuju ing dinten Kemis, Kangjeng Sultan Agung lenggah siniwaka ing Bangsal Kencana, ing ngadhep Panembahan Purubaya, Kyai Pengulu Katégan, lan Patih Singoranu. Nembé éca imbal pangandikan, kasaru rawuhipun Kangjeng Sunan Kalijaga, sedaya lajeng bagé-binagé.

Sasampunipun lenggah, Kangjeng Sunan Kalijaga lajeng ngendika "Jebèng Sultan, aku dak kandha marang sliramu. Aku teka ing Mataram awit disraya déning Imam Sufingi ing Mekah, saperlu njalukaké pangapura marang sliramu, déné dhèwèké wus ngrumangsani kang dadi luputé. Lan iki sliramu dicaosi pusaka, rupa serban, yaiku agemdalem swargi Kangjeng Nabi Muhammad. Iki wujudé, mara énggal tampanana."

"Inggih Eyang Sunan" pangandikanipun Kangjeng Sultan Agung.

Kangjeng Sunan Kalijaga lajeng ngendika malih, "Jebèng, serban iki kang bakal dadi pusakaning Kraton ing Tanah Jawa, lan ing tembè yèn wus tekan canggahmu, serban iki bakal dadi tetungguling dwaja ing Tanah Jawa. Mula padha seksènana, iki serban pusaka, dak paringi asma Tunggulwulung. Tunggul ateges pepundhèn, sarèhning iki pusakadalem Kangjeng Nabi. Wulung, mula pancen rupané wulung. Lan iki ana sastrané Arab, mratandhani sing sapa darbé Tunggulwulung iki, yaiku wus dadi karsaning Allah dadi ratu Islam. Yen mangkono ayo saiki padha menyang Mekah, Jebèng."

Kangjeng Sultan Agung nyendikani "Inggih sumangga Kangjeng Eyang." Priyagung kekalih sesarengan tindak tumuju Mekah.

Sareng Kangjeng Sunan Kalijaga saha Kangjeng Sultan Agung sampun dumugi ing kitha Mekah, Imam Sufingi sakanca gurawalan mapagaken rawuhipun priyagung kekalih, sarta matur nyuwun pangapunten awit kalepatanipun nduwa{[rule}}

Kempalan Cariyos Rakyat Jawi

107