Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/116

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Gunawan Sigit Putranto

blasteran nggih sampun, kula nyuwun pamit badhé wangsul ing Mataram, tinimbang saya dangu kula kaanggep ngregeti Mekah ngriki !" Mboten nengga wangsulan saking Imam Sufingi, Kangjeng Sultan nuli jumeneng lajeng kondur ing Mataram.

Kacariyos kondur Dalem Kangjeng Sultan Agung mboten tumuju ing Kraton Mataram nanging kondur ing Kraton Kidul. Ing ngriku kapapag Kangjeng Ratu Kidul lajeng énggal-énggal manjing salebeting Kedhaton.

Sasampunipun lenggah satata sarta sawetawis imbal pangandikan, Kangjeng Sultan Agung medhar sabda lelampahan ingkang nembé kadadosan, inggih punika babagan Kersa Dalem badhé yasa Astana wonten ing Mekah ananging dipun duwa kersanipun déning Imam Sufingi sakanca, awit Kangjeng Sultan dipun anggep titah bangsaning blasteran manungsa, jim lan déwa. Tanggap ing sasmita liriking nétra Dalem Kangjeng Sultan Agung,

Kangjeng Ratu Kidul énggal matur, "Menawi kados mekaten punika naminipun Imam Sufingi sakanca kumawani ngepak jaja nyampar talingan Panjenengan Dalem Kangjeng Sultan. Prayogi Mekah lajeng kateluh kemawon, supados risak lebur papan tanpa dadi.”

Sangsaya mungkat dukanipun Kangjeng Sultan Agung, katitik waja kerot, kumedut padoning lathi, netra kocak ngondar-andir.

"Prakara kuwi Ingsun sekarep apa kang dadi kersamu Kangjeng Ratu. Mangsa bodhoa sliramu. Arep sira jur nganti dadi pangamun-amun ya sakarep sira." Sereng sabda Dalem anawung duka.

Sasampunipun matur "Sendika Kangjeng Sultan," Kangjeng Ratu Kidul lajeng nyuwun pamit medal ing Pagelaran, badhé dhawuh dhateng para prajurit Kraton Kidul.

Gegancangan Kangjeng Ratu Kidul nimbali Pepatih Kraton Kidul inggih Nyai Roro Kidul saha Nyai Kidul. Sasampunipun Patih kekalih marak, lajeng kadhawuhan mandhégani bidhaling wadyabala Kraton Kidul, jim, sétan, peri perayangan, ili-ilu, banaspati, wéwé, thèthèkan, sedaya kerig lampit tumuju Mekah badhé damel teluh lan pageblug.

Saèstu kelampahan, sasampunipun dumugi ing kitha Mekah, para wadya bala Kraton Kidul lajeng damel ontran-ontran nyebar teluh. Ing satemah Mekah kataman pageblug. Tiyang énjing sakit sonten pejah, sonten sakit énjing pejah. Sangsaya dangu saya kathah ingkang pejah. Ingkang kalis saking teluh lan pageblug namung ingkang wonten salebeting mesjid.

Nuju satunggaling dinten Jumuwah, Kangjeng Sunan Kalijaga tindak Mekah saperlu nindakaken salat Jumuwahan. Sasampunipun salat, Sunan Kalijaga lan para pengageng sami lelenggahan ing èmpèr, sinambi imbal pangandikan. Ingkang dipun rembag mboten sanès kejawi bab risaking kitha Mekah awit kataman pageblug.

106

Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta