Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/115

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Dumadosipun Dwaja Kanjeng Kyai Tunggulwulung saha Kagungan Dalem Pasareyan Pajimatan

Gunawan Sigit Putranto, SH

Sacariyos ing Negari Mataram, ing Kreta, ingkang jumeneng Nata Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan Agung Hanyakrakusuma. Panjenengan Dalem Nata kacariyos ing saben dinten Jumuwah anggenipun nindakaken salat Jumuwahan temtu tindak ing Mekah.

Nuju satunggaling dinten Jumuwah, sapurnaning Jumuwahan Sultan Agung lajeng manggihi Imam Sufingi, pangagenging Mekah. "Imam Sufingi, yèn pareng ing penggalih sampéyan, kula badhé yasa Astana wonten ing Mekah ngriki, saperlu kanggé kula piyambak. Yèn kepareng kula nyuwun nunggil papan kaliyan para Nabi, wonten sakilènipun Mesjid", pangandikanipun Kangjeng Sultan Agung.

Gurawalan Imam Sufingi caos atur, "Ooo....Sultan, punika mboten kepareng, menawi panjenengan badhé sumaré wonten ing ngriki. Awit panjenengan punika bangsa blasteraning manungsa, jim lan bangsa déwa, ing mangka ingkang sumaré ing ngriki sedaya bangsa manungsa ingkang suci. Mesakaken sedaya ingkang sumaré, temtu ngraosaken prabawa bentèr."

Mireng wangsulanipun Imam Sufingi ingkang kados mekaten wau, sakalangkung duka Ingkang Sinuwun, lajeng ngendika kanthi sereng, "Oo, makaten ta paugeranipun menawi badhé sumaré ing ngriki? Yèn kula kaanggep bangsaning

Kempalan Cariyos Rakyat Jawi

105