Rachmat Djoko Pradopo
"Kembang gedang iku tuntut
Gleges iku kembangipun jagung
Uwit turi iku kembange ya turi
Drenges iku kembang suruh
Uceng iku kembang mlinjo"
"Coba, saiki daktembangake nganggo tetembungan saka jenenge isi woh-wohan," ngendikane Kanjeng Sultan Agung, lan banjur nyekarake maneh kanthi rakitan tetembungan saka isi woh-wohan iku, unine mengkene.
"Isi asem iku klungsu
Isi nangka beton naminipun
Isi sawo pancen duwe jeneng kecik
Duren pongge isinipun
Isi salak iku kenthos"
Sawise nyinau lan nglanyahake tatanane tembange gendruwo mau kanthi rerakitan tetembungan maneka warna, Kanjeng Sultan Agung nuli menggalih, apa becike jenenge tembang mau.
"Apa ya becike jenenge tembang iki? Mau, dhek dakdangu jenenge tembange, Gendruwo mangsuli, Ya mbuh...! Lha, nek ngono, becike, tembang iki dakjenengi tembang 'Ham--buh'. Ah, iki bae: Tembang Gambuh!!!" Kanjeng Sultan Agung gumujeng lega, awit rena banget penggalihe bisa maringi tetemger utawa jeneng marang tembange gendruwo kang narik kawigatosane mau. Mengkono iku mula bukane ana tembang Gambuh kang dirakit dening Sultan Agung Hanyakrakusuma saka Mataram. Panjenengane pancen Ratu kang remen nguri-uri kabudayan, mesthi wae kabudayan Jawa, kaya ta gamelan, joged, tembang, kasusastran, lan liya-liyane. Nganti saprene, para ratu ing Tanah Jawa, mligine ing tlatah Surakarta lan Ngayogyakarta Hadiningrat, isih padha remen nguri-uri kabudayan Jawa. Umpamane, Sultan Hamengkubwono IX ing Ngayogykarta, ngripta tari lan tembang Jawa. Lha, mengkono uga putrane, Sultan Hamengkubuwono X kang saiki mandhegani Kraton Ngayogyakata Hadiningrat, uga nguri-uri lan ngrembakakake kabudayan Jawa kanthi ngripta tari Jawa.
Sabanjure, Kanjeng Sultan Agung banjur mulangake tembang Gambuh iku mau marang para abdi dalem. Suwe-suwe, tembang Gambuh mau banjur sumebar warata ing tlatah Bumi Mataram, amarga tembang mau gampang disinau, cacahe larik ora akeh, wiramane prasaja, lan isine ora abot. Mula, nganti seprene, tembang Gambuh tetep dilestarekake minangka salah siwijining jinis tembang Macapat.-@
104
Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta