Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/113

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Mula Bukane ana Tembang Gambuh

gendruwo, wewe, lan sapanunggalane. Lha, padha kena walate!

Kajeng Sulotan Agung banjur pamitan, nanging sadurunge pamitan, Panjenengane ngendika, mangkena.

"Gendruwo, alun-alun lan kraton jaganen, yen ana wong nakal lan yen ana mungsuh. Kowe sakbrayat mengko dakparingi sandhang, pangan, lan papan kang kepenak. Aku dak kondur!"

"Ya, aku mesthi njaga alun-alun lan kraton. Aja sumelang!"

Kanjeng Sultan lan para abdi dalem banjur mbacutake kondur menyang kraton. Sauwise para abdi dalem kondur, Kanjeng Sultan Agung nggagas, kok apik temen tembange gendruwo mau. Capet-capet Kanjeng Sultan isih kemutan tembange gendruwo mau, banjur nembangake, "Lela ledhak, Lela ledhung....(sapiturute)".

"Wah, kok apik ya, tembange gendruwo ika?" pangandikane Kanjeng Sultan, "Coba daktembangke nganggo jenenge kekembangan!!"

Tembang kang ditembangake gendruwo iku ana limang larik, lan dhong-dhinge mangkene.

  1. Larik sepisan 8 wanda, guru lagune...u
  2. Larik kapindho 10 wanda, guru lagune..u
  3. Larik katelu 12 wanda, guru lagune.. i
  4. Larik kapapat 8 wanda, guru lagune..u
  5. Larik kalima 8 wanda, guru lagune.o

Dene notasine mengkene.

/1 5 1 5/1 2 1. 3/..../
Ji ma ji ma/ji ro ji lu/. . . ./
/1 5 1 6/1 5 5 1/3 2 . ./
/Ji ma ji nem ji ma ma ji/ lu ro . ./
/5 2 5 6/ 5 5 5 5/2 5 6 1/
Ma ro ma nem/ ma ma ma ma /ro ma nem ji /
/5 5 5 5/6 5 6 1/..../
Ma ma ma ma nem ma nem ji/. . . . /
/1 5 1 6 3 2 3 1./..../
Ji ma ji nem lu ro lu ji. . . ./

Kanjeng Sultan banjur nyoba nyekarake tembange gendruwo mau, kanthi migunakake jenenge kekembangan, mengkene.

Kempalan Cariyos Rakyat Jawi

103