Rachmat Djoko Pradopo
"Mara padha nyedhaka mrene, dakusape githokmu mengko mesthi padha bisa weruh!"
Para abdi dalem banjur padha nyedhak. Kanjeng Sultan ngusap githoke para abdi dalem iku, mbaka siji. Byar, kabeh banjur bisa weruh wujude gendruwo kang gedhe dhuwur, rupane medeni, wulune dhiwud-dhiwud. Mulane, para abdi dalem banjur padha wedi, ndherodhog kamithotholen.
Kanjeng Sultan ngendika, "E, aja padha wedi, ora apa-apa. Gendruwo iku ya mahluk kang becik angger ora dimunasika, utawa diganggu gawe. Coba padha tontonen, gendruwo iku mengko daktimbalane lan dakdangune lagi nembang apa iku mau."
Bareng para abdi dalem wis padha cedhak wit ringin, Kanjeng Sultan lan para abdi dalem krungu luwih cetha ura-urane gendruwo, mengkene.
"Lela ledhak, lela ledhung
Wis menenga anakku Si Kuncung
Kuncung Balung mbokmu lunga menyang kali
Ngumbah popok nyangking beruk
Cep menenga ana uwong!"
Kanjeng Sultan banjur ndangu,
"Tembang apa iku Gendruwo?"
Gendruwo mangsuli, nanging gendruwo mangsuli kanthi basa ngoko, lha wong ora tau sekolah, lan ora tau diwulang unggah-ungguh. Wangsulane srogol, mengkene.
"Ya embuh ya, wong aku mung ngeneng-enengi anakku sing dakgendhong iki. Dheweke kepengin melu embokne menyang kali, ngumbahi. Aku sing momong neng omah."
Kanjeng Sultan gumun, dene ing atase gendruwo wae kok bisa urip tembayatan kanthi apik, "kerja sama" utawa gotong-royong, nyambut gawe bebarengan, gentenan lanang-wadon.
Kanjeng Sultan ngendika, "Wah, tembangmu mau apik banget, Gendruwo! Kowe aja sok ngganggu para abdi dalem lan kawulaku, ya?"
"Aku ora bakal ngganggu gawe manungsa angger ora padha nakal, kayata nguyuhi omahku!"
"Ya, bener, mengko para abdi dalem lan kawulaku kabeh dakdhawuhake ora kena nguyuhi omahmu!" Pancen iya bener, wong-wong sok sene utawa nguyuh ing sangisore wit gedhe, luwih-luwih bocah-bocah nakal. Mulane, sabubare iku sok banjur lara werna-werna, sing jarene amarga mentas nguyuhi omahe dhemit,
102
Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta