Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/109

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Mula Bukane ana Tembang Gambuh

Rachmat Djoko Pradopo

Dhek jaman biyen, yaiku jaman sugenge Sultan Agung Hanyakrakusuma, Kraton Mataram iku mapan ing kutha Plered. Kutha Plered iku dumunung ing sacedhake Kali Opak. Jeneng Kali Opak iku saka tembung Sansekerta, yaiku Aupaga, kang tegese 'Kali kang mili ing sacedhake kraton', ya Kraton Mataram sing mapan ing Plered iku. Sabanjure, tembung Aupaga kasebut dadi Aupag, banjur owah dadi Opag, lan saiki dadi Opak.
Kanjeng Sultan Agung Hanyakrakusuma kang ngasta pusaraning adil ing Mataram iku kawentar minangka ratu kang agung binathara, adil paramarta, tresna lan asih marang kawulane. Panjenengane uga kawentar ora tau mbedak-mbedakake asihe marang kawulane kanthi dhasar pangkat utawa drajat. Cekake, kabeh kawulane digatekake! Para kawulane kabeh diparingi pagaweyan, sandhang lan pangan, malah uga diparingi papan uatawa omah. Mulane, para kawula ing Mataram ora ana sing nganggur. Kabeh padha sengkud nyambut gawe, werna-werna gaweyane, saperangan ana sing dadi nayaka praja, nenukang, bebakulan ing pasar, lan liya-liyane, nanging ake3h-akehe padha dadi tani. Kabeh padha urip kecukupan, duwe sawah utawa tegalan, duwe omah, malah akeh uga kang duwe jaran kanggo tumpakan. Maklum, jaman semana durung ana pit, montor, mobil, apa maneh montor mabur. Kanjeng Sultan Agung yen tindakan nitih kreta kencana.

Amarga saka kaluhuran lan kemurahane Kanjeng Sultan Agung, kabeh kawula padha suyud lan bekti marang Pamjenengane. Ora ana kawula kang wani mbangkang utawa mbalela yen didhawuhi, marga dhawuhe mesthi marakake

Kempalan Cariyos Rakyat Jawi

99