Retno Widowati
Senadyan wis wolung puluh taun yuswane, Mbah Kerta isih katon sehat lan gagah, jejuluk wong pinter isih rumaket tekan seprene ing dhaerah asale, njaban rangkah, nyabrang samodra. Jenenge wong pinter, ora mung sekti bab nambani wong lara, nanging uga ing samubarang bab. Kaya bab sing siji iki, Pak Lurah yakin banget menawa Mbah Kerta bisa mbiyantu warga desane mujudake kepenginane yaiku nduweni pangarsa kang apik amrih swasana desa bisa ayem, tentrem, lan makmur.
"Sumur, iya, sumur tuwa," ujare Mbah Kerta sajake bubar oleh wangsit. "Sumur, sumur tuwa?" pitakone Pak Lurah lan wargane. "Iya, neng desa iki ana sumur tuwa ta, sing mapan neng kulon kali kono," kandhane Mbah Kerta nambahi andharane. Miturut Mbah kerta sumur tuwa kang mapan ing alas wingit iku bisa dadi sarana ngadili wong kang duwe niyat ala lan wong kang tumindak culika. Sumur kuwi uga bisa kanggo sarana milih pangarsa kang becik pakartine. "Iya, yen pancen Badrun kae, tumindak kaya ngono kuwi mesthi wae bakal nampa piwales ora nganggo itungan dina," ujare Mbah Kerta. Mak clep, krungu omongan kaya ngono kuwi, swasana ing ruang tamu daleme Pak Lurah dadi sepi nyenyet, ora ana sing wani komentar.
Sadurunge srengenge jumedhul, para warga wis rampung anggone ngresiki sumur tuwa kuwi. Nganggo panerangan saanane, para warga gotong royong ngrumat sumur kuwi. Para warga akeh sing ora mangerteni kenapa kok bengi-bengi Pak Lurah ndhawuhi kerja bakti, ing alas wingit maneh.
Bagaskara cumlorot cahyane, swasana ing sekitar sumur katon luwih padhang tinimbang sadurunge jalaran wit-witan ing sekitare wis dibabati. Sumur sing bakal dadi andhalane para warga mujudake kepenginane iku saiki katon resik, banyune bening, lan wis siap digunakake kanggo ngadili lan menehi bukti sing becik bakal ketitik, sing ala bakal ketara.
Mbah Kerta pamitan amarga kelingan yen ana urusan penting liyane. Sadurunge pamit, Mbah Kerta janji bakal mbiyantu warga desa kono. Mula dheweke ora kepengin ninggalake desa kono yen durung menehi bukti bab apa sing diandharake mau bengi. Mbah Kerta ngaturi Pak Lurah nyoba banyu sumur kuwi. Banjur ing ngarepe para wargane Pak Lurah njupuk banyu sumur kuwi banjur diombe. Banyu kuwi uga kanggo raup. Gandheng sing ngombe lan sing raup nganggo banyu kuwi wong apik, Pak Lurah ngrasake segere banyu lan ora krasa apa-apa sing aneh. Para warga kang melu rembugan mau bengi padha bungah atine, Pak Lurang kang ditresnani dening para warga pancen wong kang apik. Dene para warga liyane kang durung ngerti apa-apa, mung plonga-plongo. Nanging ora suwe, Pak Lurah banjur ngandharake. Para warga manthuk-manthuk, ana sing percaya, ana uga sing ora percaya.
96
Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta