Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/105

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Sumur Pengadil

kedadeyan kang bola-bali dumadi ing desane. Desa Kembangsari kang asri ning wargane ora bisa urip ayem jalaran pangarsane ora jujur lan ora bisa dadi patuladhan kang becik. "Inggih, Kang, jaman saniki pados tiyang pinter niku gampang, sing angel niku pados tiyang jujur," kandhane Pak Bari sinambi ngrogoh rokok kretek ing sak kaos irenge. Para warga nganti padha gumun. Pak Lurah kang ditresnani banget dening wargane mesthi wae kok oleh andhahan kang seneng slingkuh.

"Sugeng siyang, Pak, pundi kula bekakaken tasipun," ujare Pak Badrun mapag Pak Lurah ing kidul jembatan Desa Kembangsari. Jam rolas awan soroting srengenge krasa sumelet kaya jutul bun-bunan. Dhasar mangsa ketiga, hawane krasa panas banget. Bareng bleng, mlebu ing rodha papat krasa luwih kepenak. "O, ya, Pak Badrun, iki kancaku, ngersakake nginep sawetara ing desa kene, asmane Mbah Kerta Kuncara, sing kasil nambani adhiku," kandhane Pak Lurah. Pak Badrun ngulungake tangane, salaman, dene tangan sing kiwa nggegem kunci kontak. Mobil digas, ing njerone keprungu swara obrolan. "Wah, desa ngriki katon asri nggih, sesawangan ijo royo-royo, boten kados ing dhaerah kula, sumpek," ujare Mbah Kerta sinambi nglirik Pak Badrun saka kaca kang ana ing ndhuwur setir. "Nggih, ngaten nika, Mbah, sugeng rawuh ing Desa Kembangsari," ujare Pak Badrun ngendhalekake mobil katon wis trampil banget.

Mobil sedhan abu-abu kang nggawa penumpang telu kuwi direm persis ing ngarep gerbang kantor kelurahan. "Kae, kae, Pak Lurah wis rawuh, piye, iki, sapa sing arep matur?" ujare Pak Bari. Numpak pit onthel, Pak Bari boncengan karo bojone dene sawetara papasan karo motore Pak Dana. "Pripun niki, Kang, njenengan ta sing matur Pak Lurah?" pitakone Pak Bari rada bingung. "Lha, yen warga sarujuk, mengko aku sing matur, ning kudu ana warga sing melu, aku butuh seksi," wangsulane Pak Dana. "Wis kana, Bune, pite kokgawa wae, iki aku ana urusan penting," ujare Pak Bari. Pak Bari mudhun saka pit banjur mbonceng motore Pak Dana. Bebek abang kuwi banjur digas tumuju ing cakruk. Neng kono Pak Dal, Pak Man, lan Pak Tana wis ngenteni. Jebul warga desa wis nunggal krentege kepengin swasana desa bisa ayem tentrem.

"Apa tenan, kuwi?" pitakone Pak Lurah. Pak Lurah rumangsa kuciwa lan sedhih krungu lapurane para wargane. "Aku wis ora ngerti meneh kudu piye," ujare Pak Lurah pasrah. "Hm...hm...hm." Swara mau jebule dheheme Mbah Kerta kang wengi iku nanggo setelan lurik lan blangkon, nambahi kawibawane. "O, iya, bapak-bapak kabeh, iki asmane Mbah Kerta Kuncara, priyayi luhur saka kutha kang kasil nambani adhiku," ujare Pak Lurah. "Wah, alhamdulillah, nggih, Pak, Bu Siti sampun dhangan, kamangka rak sampun dumugi papan pundi-pundi dereng mantun-mantun," kandhane Pak Dana bungah.



Kempalan Cariyos Rakyat Jawi

95