Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/104

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Sumur Pengadil

Retno Widowati

"Ha...ha...ha...Pak Lurah ora bakal ngerti, takjamin!" Mangkono ujare Pak Badrun marang andhahane, sesongaran. Tangan kiwane kang lagi nyekel botol ijo isih bisa nuding-nuding fotone Pak Lurah kang kapajang ing tembok kantor kelurahan. Jebule wengi iku Pak Badrun lagi seneng banget, rumangsa bebas jalaran Pak Lurah lagi niliki sedulure ing kutha. Ambune alkohol ngebaki ruangan kang ora sepira jembare. Ing njero kono Pak Badrun minangka wakil Lurah ora menehi conto kang becik marang andhahane. Para andhahane malah dijak mendem. Syukuran, jarene. Iya, syukuran amarga kasil anggone nilep dhuit kas desa.

"Lha, dalah, kae lho, Pakne, wong dadi pimpinan kok kaya ngono, panggresahe Mbok Nah karo bojone nalika liwat ing ngarep kantor kelurahan. Warga kang ngonangi kedadeyan kuwi mung bisa ngelus dhadha sinambi ngrencanakake yen sesuk Pak Lurah bali, bakal cepet-cepet dilapurake. "Inggih, kula sarujuk, benjing kita sowan Pak Lurah," ujare para warga.

Dhasare mabuk, dadi wong kang ora eling, kabeh omongan ndlujur tanpa tedheng aling-aling. Omongan kang biyasa-biyasa wae tekan omongan kang kudune dadi wewadi, ora sida dadi wewadi jalaran wis bocor. "Krungu dhewe ta, kowe?" ujare Pak Dana klesak-klesik karo Pak Bari nalika ngindhik ing mburi motore Pak Badrun, motor abang kinclong kang isih mambu toko.

"Melas temen, Pak Lurah, wonge apik ning andhahane kok ora karuan, ora Pak Badrun, Pak Suta, Pak Heri, kabeh kok ora ana sing bisa dipercaya," ujare Pak Dana kanthi swara rada dhuwur lan tangane kumlawe nyampluk cagake cakruk. Pak Dana anyel atine. Semono uga warga liyane, gregeten ndelok

94

Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta