Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/103

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Tombak Naga Baruklinthing

Krungu tetembungan mau Naga Baruklinthing sumringah, banjur pamitan sumedya nggoleki ing gunung Merapi.
Datan kacarita lakunine ing dalan. Naga Baruklithing wus bisa nemokake guwa papan anggone Ki Ageng Wanabaya I mangun tapa. Banjur sowan lan matur, "Bapa, kepareng matur. Kula menika naga ingkang dipunlairaken dening sawijining ibu ing blumbang sapinggiring alas. Miturut pangandikanipun Ki Ageng Wanabaya ing Mangir, penjenengan ingkang nedheng mangun tapa ing gunung Merapi menika, sudarma kula. Mila mugi kaakenana kula minangka atmajanipun bapa.
Ki Ageng Wanabaya I mendel sedhela banjur pangandikane, "Iya, ngger. Ora selak maneh menawa sejatine kowe anakku. Nanging aku nduweni panjaluk, yaiku yen kowe bisa ngubengi gunung Merapi iki nganggo awakmu, bakal daktampa suwitamu minangka anakku."
"Inggih, bapa. Kula sagah."
Ora suwe saka kuwi Naga Baruklinthing banjur ngetog karosan sumedya ngubengi gunung Merapi kanthi dawa lan gedhene awake. Pethit lan tutuke meh wae gathuk, nanging senadyan wus ngetog karosan tetep wae durung kelakon nyambung. Ewa semana Naga Baruklinthing ora mung mandheg sumarah lan pasrah. Enggal-enggal melet ngetokake ilate kanggo nyambung kareben gathuk pethite. Ing kene kaelokaning jagad kelakon. Ilate murub mubyar geni mangalat-alat lan makantar-kantar. Dumadakan, ilat kang murub mau wujude owah dadi pucuk ing tombak. Dene sirahe owah dadi warangka lan badan tekan pethite dadi garan tombak.
Tombak, garan dalah warangakane mau gumlethek ing ngarepe Ki Ageng Wanabaya I. Dumadakan ana swara dumeling saka angkasa, "Mangir Wanabaya, openana lan simpenen tombak iku. Tombak mau minangka tetenger lan jenengana Tombak Naga Baruklinthing. Ing tembe, tombak iku bakal dadi salah sawijining sipat kandel utawa pusaka salah sawijining raja kang darbe panguwasa ing tanah Jawa. Wus, jugara anggonu tapa lan muliha ing Mangir. Tapamu ing gunung Merapi iki wis paripurna."
Wusana, Ki Ageng Wanabaya I banjur jugar anggone tapa, kondur ing Mangir kanthi nggawa sipat kandel utawa pusaka awujud tombak. Tombak Naga Baruklinthing. Sawise Ki Ageng Wanabaya I seda, tombak mau diwarisake marang Ki Ageng Wanabaya II, lan sabanjure dilintirake uga marang Ki Ageng Wanabaya III.
Sabanjure, Ki Mangir Wanabaya III kapilut putri Pembayun, mula Tombak Naga Baruklinthing sipat kandele uga bisa kecepeng Panembahan Senapati lan dadi salah sawjining pusaka ing Kraton Mataram.

Tumeka saiki, Tombak Naga Baruklinthing iki lan pusaka-pusaka liyane isih diopeni kanthi permati lan sinimpen ing gedhong pusaka Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat.-@

Kempalan Cariyos Rakyat Jawi

93