Yohanes Siyamta
Kaelokaning jagad, bocah wadon - sing kacarita maumbobot. Dheweke gumun, bingung, sedhih lan isin, amarga durung diwengku priya nanging mbobot. Pirang-pirang dina bocah wadon mau ora metu-metu amerga bingung lan isin. Ewa semana dheweke eling marang welinge Ki Wanabaya I menawa ana kedadeyan apa wae ora perlu sedhih lan digetuni.
Pindhane siniram banyu gege, kandhutan mau saya suwe saya mudhak gedhe malah rinasa cepet banget undhake. Saking bingunge bocah wadon mau lunga saka ndesane lan wedi ketemu marang sapa wae. Banjur mlayu mlebu alas gedhe, ing alas mau ana blumbang lan banjur duwe niyat nyegerake awake kanthi adus nylemplung blumbang mau. Rikala wiwit kungkum, ora kanyana-nyana bayine lair. Saeba kagete dene sing dalairake mau dudu bayi nanging wujud naga.
Kaelokan-kelokan terus dumadi. Naga mau saya suwe saya gedhe. Blumbang mau ora nyakup gedhene naga nganti pecah lan banyune mbleber lambah-lambah metu. Banyu saya suwe sangsaya akeh lan mawujud dadi rawa. Gotheking wong akeh rawa mau banjur katelah Rawa Jembangan.
Bocah wadon mau keweden lan terus mlayu ngedohi naga mau. Nanging rumangsa yen bocah wadon iku ibune, mula naga mau ngoyak terus nganti bcah wadon mau ora kuwawa mlayu maneh banjur tembunge, "Aku pancen ibumu, ngger. Yen kowe kepingin mangerti sapa bapakmu, takona marang Ki Gedhe Wanabaya ing desa Mangir."
Krungu tembunge ibune, naga mau banjur tumuju ing desa Mangir. Dheweke bisa ngambah jumantara utawa mabur. Sisik kanthi warna ijo mengkilap obah-obah lan swaraning sisik kumrincing pindhane sewu klinthing muni bareng. Krungu swara mau wong-wong desa padha metu lan gumun nyawang ana naga kang bisa mabur ing awang-awang.
Naga mau banjur muni, "Para sedulur, aja padha wedi! Aku ora duwe karep ala. Aku mung kepingin takon marang Ki Wanabaya, sapa ta sejatine bapakku."
Bubar kandha mangkono mau naga banjur mabur maneh kanthi swara kumlinthing pindhane klinthing sewu muni bareng. Mula wong-wong desa mau banjur ngarani naga mau kanthi sebutan Naga Baruklinthing.
Ringkesing carita, Naga Baruklinthing wus tumiyup ing plataran padhepokan Mangir. Wong-wong padha mlayu wedi dene Ki Wanabaya II banjur ngunus keris saperlu ngusir naga mau.
Mulat kahanan iki Naga Baruklithing banjur celathu, "Nuwun sewu, Ki. Kula boten badhe sumedya tumindak awon. Kula namung badhe nyuwun priksa, menapa Ki Ageng mangertos sinten ta ingkang ngukir jiwa raga kula."
Swasana wening sawetara, Ki Wanabaya nyarungake kerise banjur kanthi aris ngendika, "Aku iki Ki Wanabaya. Yen kowe takon sapa sudarmamu. Bapakmu padha karo bapakku. Penjengenane saiki lagi teteki mangun tapa ing gunung Merapi. Golekana lan sowana mrana!"
92
Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta