Menyang kontèn

Kaca:Kempalan Cariyos Rakyat Jawi.pdf/101

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Tombak Naga Baruklinthing

Kuwi kabeh sangumu murih langgeng anggonmu madeg minangka parampara.

"Inggih, bapa. Kula sagah lan badhe tansah kula estokaken."

Bakda kuwi, Ki Ageng Wanabaya banjur ngumpulake kabeh warga padhepokan lan ngandharake menawa penjenengane bakal nindakake laku tapa ing gunung Merapi sarta ngangkat putrane minangka gantine anggone ngrenggani desa Mangir. Nunggak semi marang ramane Ki Ageng Wanabaya I, putrane diangkat kanthi sebutan Ki Ageng Wanabaya II.

Sapungkure Ki Wanabaya I, Wanabaya II nindakake dhawuhing ramane minangka pangarsa kang becik. Kabeh tindake tansah adil, wicaksana lan nyipta tentrem lan karta raharja. Yen ana kawulane kang luput ora banjur didukani utawa dipidana, nanging dituturi kanthi reseping manah lan padhanging budi.

Sawijining dina, Ki Wanabaya II kagungan kajat mitoni garwane anggone antuk kanugrahan bobot. Ing kajat kuwi dheweke ngaturi rawuh Ki Wanabaya I - ramane. Rikala rawuh ing kono, sinambi lenggahan Ki Wanabaya I ngelus-elus lading utawa peso.

Ing kono ana bocah wadon sing budhal rewang ing kajat kuwi lan kapinujon ora nggawa lading lan banjur matur marang Ki Wanabaya I, "Menapa kepareng kula nyuwun ngampil lading menika?"

Mangu-mangu anggone Ki Wanabaya I nanggapi panembunge bocah wadon mau. Amarga lading sing diasta kuwi ora sabaene lading. Lading kang duwe daya linuwih lan landhepe ngedab-edabi. Kegawa rasa ewuh pakewuh mung disilihi lading wae kok owel, mula penjengenane bnajur nglilakake maringi ngampil kanthi piweling mawanti-wanti, "Ati-ati anggonmu nggunakake lading iki. Aja diselehake ing saenggon-enggon lan welingku aja pisan-pisan lading iki kopangku."

Bocah wadon mau manthuk lan gage nampani lading mau. Sawise suwe anggone tumandang gawe kagawa rasa kesel lan ngantuk bocah wadon mau kebablasen turu, ora krasa lading mau dipangku. Bareng tangi, kaget! Awit lading sing mau dipangku pranyata ora ana. Digoleki ing endi-endi lan ditakokake marang pawongan sing padha tumandang ing pawon uga ora ana lan ora ketemu. Wusanane, saking bingunge banjur ngaturake perkara iki marang Ki Wanabaya I.

Krungu ature bocah mau panjenengane banjur ngendika, "Ya wis, yen lading mau ora ana kuwi kabeh mula wis kersaning Jawata. Pokoke yen ana lelakon apa-apa tumrap awakmu, ora perlu sedhih lan ora perlu digetuni. Eling-elingen welingku iki!"

Bocah wadon mau banjur pamit senadyan ora mengerti bab wigatine weling mau. Sawise kabeh mau kelakon, Ki Wanabaya I pamit kondur nerusake anggone mertapa ana ing gunung Merapi kanthi weling marang putrane menawa sok sapaa sing nakokake, supaya diwangsuli yen penjenengane nerusake lenggah mertapa ana ing gunung Merapi.

Kempalan Cariyos Rakyat Jawi

91