Tombak Naga Baruklinthing
Yohanes Siyamta
Kali Praga isih panggah mili. Wiwit saka lengkehig Gunung Sindoro tumuju Samodra Kidul. Iki kabeh mujudake kanugrahaning Pangeran marang kawulane. Krana banyune kang ajeg mili njalari sawah-sawah dadi subur lan sakehing iwak loh uga bisa dadi panguripan tumrap kawula ing kiwa tengene.
Rikala semana, ing iring wetan Praga meh pepuntoning kali, yaiku ing desa Mangir madeg sawijining pawongan kan remen mesu budi utawa mertapa. Panjenegane tansah tumindak becik ing saben dinane. Dhemen tetulung lan nduweni kawaskithan sarta kanuragan kang linuwih. Mula karo wong-wong ing desa kono banget diajeni lan jinunjung minangka pamimpin kanthi sebutan Ki Ageng Wanabaya.
Sawijining wektu, rikala lagi manungku puja Ki Ageng Wanabaya pikantuk wangsit saka Sang guru, "Wanabaya, murid kang tuhu daktresnani. Rungokna kandhaku: Budhala mertapa ana ing gunung Merapi dene pertapan Mangir, lintirna marang putramu. Wis ya, ngger. Enggal tindakna!"
Mituhu marang dhawuhing Guru, mula wisik mau banjur katindakake. Ki Wanabaya banjur dhawuh marang atmajane, "Ngger, anakku. Mituhu dhawuhing guru, aku bakal nindakake mertapa ana ing gunung Merapi. Padhepokan kene sakukubane dakpasrahake marang kowe.
Semu kaget lan wedi putrane banjur matur, "Menapa kula sampun pantes, bapa?"
"Miturut pamawasku, kowe wis pantes. Olah kanuragan lan kawaskithan kang wus dakwulangake marang kowe dakkira wis cukup kanggo ngembani padhepokan kene. Welingku marang kowe, tansah tumindaka adil, wicaksana lan sing baku udinen murih para kawula ngrasakake tata titi tetrem kerta raharja.
90
Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Kota Yogyakarta