Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/95

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

4] 299. Sing kudu ngaku dosa iku sapa?

    Ingkang kedah ngaken dosa menika tijang ingkang nglampahi dosa ageng sasampunipun dipunbaptis.

4] 300. Kerep ngaku dosa iku apa prajoga?

    Kerep lan adjeg ngaken dosa menika maédahi sanget; langkung - langkung jèn ḍumawah ing dosa ageng; kedah ngaken dosa sa-énggal- énggalipun.

4] 301. Apa prajoga jèn wong kuwi duwé Rama-Bih kang adjeg?

    Prajogi sanget jèn tijang menika gaḍah Rama-Bih ingkang adjeg, awit Rama-Bih ingkang kados mekaten menika saged nuntun kebatosan ingkang prajogi pijambak.


Piwulang kang ping telung puluh nem.
KEDUWUNG LAN NIJAT.

3] 302. Kanggoné wong ngaku dosa, sing perlu déwé iku apa?

    Kanggenipun tijang ngaken dosa ingkang perlu pijambak menika keduwung.

3] 303. Sebabé apa déné keduwung iku sing perlu déwé?

    Mila keduwung menika ingkang perlu pijambak, awit tanpa keduwung, dosanipun boten dipun-apunten.
    ,,Pada nelangsaa lan mertobata supaja dosamu diapura".

Acta 3: 19.

93