Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/94

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

3] 295. Anggèné Gusti Jésus jasa Sakramèn Pengakuning dosa iku kapan?

Anggènipun Gusti Jésus jasa Sakramèn Pengakening dosa menika ing dinten Wungu-Dalem saking séda.
,,Gusti bandjur ndamoni para Rasul, karo ngendika: Pada tampanana Hjang Roh Sutji. Sing sapa dosané kok apura, hija diapura, sing sapa dosané kok lestarèkaké, hija bakal dilestarèkaké.

Joann. 20 : 22, 23.

3] 296. Jen ana wong ngaku dosa, kapan anggoné olèh pangapuraning dosané?

Jèn wonten tijang ngaken dosa, anggènipun angsal pangapuntening dosanipun nalika Imam paring absolisi.

3] 297. Wong ngaku dosa iku kudu nindakaké apa baé?

Tijang ngaken dosa menika kedah:
  1. keduwung,
  2. mblakakaken dosanipun,
  3. njaosi dendan.

5] 298. Sakramèn Pengakuning dosa iku ngolèhaké apa?

Sakramèn Pengakening dosa menika ngangsalaken:
  1. pangapuntening dosa-dosanipun tuwin lunasing siksa langgeng;
  2. lunas utawi sudaning siksa ingkang boten langgeng;
  3. wangsulipun Sih kasusantan utawi inḍaking Sih kasusantan;
  4. Sih pitulungan sampun ngantos dawah ing dosa malih.

92