Kaca iki wis divalidasi
- ngriku: Sang Kristus pijambak kanți ka-Allahan lan kamanungsan Dalem sawetahipun, inggih ingkang samangké kamuljakaken wonten ing Swarga.
5] 292. Anggèné Sang Kristus ana ing Sakramèn Maha Sutji iku sepira suwéné?
- Anggènipun Sang Kristus wonten ing Sakramèn Maha Sutji menika sadangunipun wewarnèn roti utawi wewarnèn anggur taksih wonten.
5] 293. Kaprijé anggonku ngatonaké bektiku marang Sang Kristus ing Sakramèn Maha Sutji?
- Anggèn kula ngetingalaken bekti kula ḍateng
Sang Kristus ing Sakramèn Maha Sutji menika:
- srana urmat kula jèn pinudju wonten ing grédja;
- srana tjaos tanḍa-pakurmatan jèn pinudju nglangkungi grédja;
- srana sowan ngaḍep Gusti ing sadintendintenipun;
- srana nḍèrèk Astuti lan nḍèrèk Arak-arakan.
Kemis Putih;
Ngabektèn sadjroné patang puluh djam.
Rijaja Sakramèn Maha Sutji;
Piwulang kang ping telung puluh lima.
SAKRAMEN PENGAKUNING DOSA.
4] 294. Sakramen Pengakuning dosa iku apa?
- Sakramèn Pengakening dosa menika Sakramèn ingkang dados srananipun Sang Kristus angapunten dosa-dosa, ingkang dipunlampahi bakda baptis, lantaran kuwasaning Imam.
91