Kaca iki wis divalidasi
3] 287. Tjetjawis arep tampa Kumini Sutji sing apik ḍéwé iku kapriyé?
- Tjeyawis baḍé tampi Kumini ingkang saé pijambak menika: nḍèrèk Kurban Mis Sutji.
3] 288. Supaja murakabi banget anggonmu tampa Kumini Sutji apa kang kudu taklakoni?
- Supados murakabi sanget anggèn kula tampi Kumini Sutji, kula kedah tjetjawis lan tjaos atur panuwun ingkang saé.
5] 289. Anggonku diwadjibaké tampa Kumini Sutji iku jèn pinudju apa?
- Anggèn kula kuwadjiban tampi Kumini Sutji menika:
- setaun sepisan salebetipun mangsa Paskah;
- samangsa manggih bebaja pedjah.
4] 290. Sing pada kerep tampa Kumini Sutji iku luwih-luwih kudu mékani apa?
- Ingkang sami kerep tampi Kumini Sutji menika langkung-langkung kedah wewéka, sampun ngantos kemba urmatipun lan sungkemipun. Ibu Pasamuwan Sutji ngadjengaken sanget, supados tijang samia kerep tampi Kumini.
Piwulang kang ping telung puluh papat.
PAKURMATAN KONDJUK SAKRAMÈN
5] 291. Sebabé apa Sakramèn Maha Sutji iku Sakramèn kang luhur ḍéwé?
- Sakramèn Maha Sutji menika Sakramèn ingkang luhur pijambak, awit ingkang wonten ing
90