Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/91

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
samestiné marang Salira Dalem, wong mau mangan lan ngombé putusané prekarané ḍéwe.

I Cor. 11 : 28, 29.


4] 284. Sing ora pantes anggoné tampa Kumini Sutji iku nglakoni dosa apa?

Ingkang boten pantes anggénipun tampi Kumini Sutji menika nglampahi dosa ageng nradjang angker.
„Sing sapa ora pantes anggoné mangan Rotiné lan ngombé Tuwunging Pangéran, nglakoni dosa tumrap Salira lan Rah Dalem Gusti”.

I Cor. 11 : 27.


5] 285. Apa dosa tjilik iku dadi alangané tampa Kumini Sutji?

Boten, dosa alit menika boten dados alanganipun tampi Kumini Sutji, nanging jèn dosa alit wau boten dipungetuni, suda anggènipun nampi wohing Kumini Sutji.


5] 286. Apa ana kalané kena tampa Kumini Sutji senadjan mentas mangan utawa ngombé?

Inggih, wonten kalanipun tijang kénging tampi Kumini Sutji, senadjan mentas neda utawa ngombé, inggih menika:
  1. Jèn ḍumawah ing bebaja pedjah;
  2. Jèn nanḍang sakit dangu, utawi ganḍéng kalijan prekawis warni-warni sanèsipun, nanging tansah kedah miturut pemanggihipun Rama-bih.

89