Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/90

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
„Marga iku Roti sidji, mulané aku kabéh kaja ngapa akehé hija mung sa-Salira. Awit kabéh paḍa tampa panduman saka Roti sidji mau”.

I Cor. 10 : 17


5] 281. Wohé Kumini Sutji marakaké apa maneh?

Wohipun Kumini Sutji menika:
  1. meperaken pepénginan ingkang awon lan asung greget lan kijating manah ḍateng tindak ingkang saé;
  2. suka tanḍa-pikekah anggèn kula baḍé tangi saking pedjah kanṭi kamuljan.
„Sing sapa mangan Saliraku lan ngombé Rahku, kadunungan urip langgeng, lan bakal Daktangèkaké ing dina kijamat”.

Jo. 6 : 54.


3] 282. Jèn arep pantes anggoné tampa Kumini Sutji kudu kaprijé?

Jèn baḍé pantes anggénipun tampi Kumini Sutji,

kedah:

  1. kasinungan Sih kasusantan;
  2. boten neḍa utawi ngombé wiwit tengah dalu, kedjawi toja wantah.
  3. nggaḍahi sedya ingkang saé.


4] 283. Jèn wong nganḍut dosa geḍé, apa kena tampa Kumini Sutji?

Jèn tiyang nganḍut dosa ageng, boten kénging tampi Kumini Sutji sadéréngipun ngaken dosa; malah keduwung sampurna kémawon dèrèng njekapi.
„Saben wong kudu nliti atiné ḍisik; jèn wis, lagi kena mangan Roti iku lan ngombé saka Tuwung iku. Déné jèn ora ngadjéni kaja

88