Kaca iki wis divalidasi
- Hjang Putra wis karsa mandjalma lan séda sinalib.
- Gusti Allah anggandjar penggawé betjik lan njiksa penggawé ala.
Sakramèn Sutji pepitu.
- Sakramèn Baptis.
- Sakramèn Kasantosan.
- Sakramèn Maha Sutji (Ékaristi Sutji).
- Sakramèn Ngaku dosa.
- Sakramèn Lenga Sutji.
- Sakramèn Kaimaman.
- Sakramèn Idjab.
Malaékating Allah.
Malaékating Allah nglantaraken dawuh dateng Dèwi Marijah.
Ladjeng Sang Dèwi anggarbini saking kuwasaning
Hjang Roh Sutji.
Sembah bekti kawula.........
Kawula abdining Allah.
Sandika ing dawuh Dalem.
Sembah bekti kawula......
Sang Sabda ladjeng dados manungsa.
Jektos nunggil kalijan kawula.
Sembah bekti kawula.....
Dèwi Ibuning Allah, njuwun pangèstu dalem.
Supados pantes nampèni gandjaran kasagahan Dalem Sang Kristus.
Ajo pada mundjuk,
Gusti, sarèhning kawula sampun dipunwartosi ing Malaékat, bilih Putra Dalem jektos mandjalma,
7