Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/89

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Piwulang kang ping telung puluh telu.

ÉKARISTI SUTJI ING NGATASÉ SAKRAMÈN:

SAKRAMÈN MAHA-SUTJI ING ALTAR.


5] 277. Ékaristi Sutji ing ngatasé Sakramèn diarani apa?

Ékaristi Sutji ing ngatasipun Sakramèn dipunwastani: Sakramèn Maha Sutji ing Altar.

5] 278. Wong nampa Ékaristi Sutji ing ngatasé Sakramen iku jèn pinudju apa?

Tijang nampi Ékaristi Sutji ing ngatasipun Sakramèn menika menawi pinudju Kumini Sutji.

4] 279. Jen nampa Kumini Sutji iku nampa apa?

Jèn nampi Kumini Sutji menika nampi Salira lan Rah Dalem minangka redjekining sukma tumrap gesang ngungkuli kodrat.

5] 280. Kumini Sutji iku ngolèhaké apa?

Kumini Sutji menika:
  1. ngraketaken kula sadaja kalijan Sang Kristus ingkang supeket sarta lantaran Sang Kristus ngraketaken kula sadaja satunggal kalijan satunggalipun;
  2. nginḍakaken Sih Kasusantan;
  3. ngresikaken kula saking dosa alit, sarta nebihaken kula saking dosa ageng.
„Sing sapa mangan Saliraku, lan ngombé Rahku, manunggal karo Aku, lan Aku karo wong mau”.

Jo. 6: 56.

87