Kaca iki wis divalidasi
- baḍé dipunundjukaken sarana sembahjang lan mirengaken Sabdaning Allah.
3] 269. Pérangané Mis kurban tetelu kang perlu-perlu iku sing endi?
- Péranganipun Mis kurban tetiga ingkang perlu-perlu inggih menika:
- njaosaken roti lan anggur,
- malihipun roti lan anggur dados Salira lan Rah Dalem (Konsekrasi),
- nḍahar Salira lan ngundjuk Rah Dalem (Kumini Sutji).
4] 270. Njaosaké roti lan anggur iku kaprijé karepé?
- Njaosaken roti lan anggur menika kadjengipun: roti lan anggur katjaosaken lan kasutjèkaken kondjuk Gusti Allah, awit boten let dangu malih roti lan anggur badé dados Salira lan Rah Dalem Sang Kristus.
3] 271. Menawa pinudju njaosaké roti lan anggur apa kang prajoga pada tak tindakaké?
- Menawi pinudju njaosaken roti lan anggur kula prajogi sami nḍèrèk njaosaken badan kula pijambak dateng Gusti Allah sa-nijat sarta pedamelan kula sadaja.
4] 272. Pérangané Kurban Mis Sutji sing perlu déwé iku sing endi?
- Péranganipun Kurban Mis Sutji ingkang perlu pijambak menika Konsekrasi, awit kala Konsekrasi menika roti lan anggur malih dados Salira lan Rah Dalem, lan Kurban Salib kaundjukaken nanging boten akutah rah.
85