Kaca iki wis divalidasi
5] 265. Jen Imam njuwil-njuwil Hosti Sutji, apa Sang Kristus hija katut ditjuwil-tjuwil?
- Boten, jèn Imam njuwil-njuwil Hosti Sutji menika Sang Kristus pijambak boten katut katjuwil; ingkang dipun tjuwil-tjuwil namung wewarnèning roti; déné Sang Kristus lestantun wetah wonten ing tjuwilan satunggal-satunggalipun.
5] 266. Ngundjukaké Kurban Mis Sutji iku perluné apa?
- Ngundjukaken Kurban Mis Sutji menika perlunipun:
- tjaos sembah sudjud dateng Gusti Allah;
- matur nuwun margi kasaénan Dalem Gusti Allah, ingkang sampun katampi.
- tjaos pepulih menggahing dosa lan siksanipun.
- njenjuwun wewahing Sih Dalem lan kasaénan Dalem.
Piwulang kang ping telung puluh loro.
PÉRANG-PÉRANGANÉ KURBAN MIS SUTJI.
PÉRANG-PÉRANGANÉ KURBAN MIS SUTJI.
3] 267. Ngaranana pérangané Kurban Mis Sutji.
- Kurban Mis Sutji menika kapérang dados kalih: pérangan minangka njawisaken ngundjukaken kurban (Mis tjetjawis), pérangan kanggé ngundjukaken Kurbanipun (Mis kurban).
4] 268. Sadjroning ,,Mis tjetjawis" prajogané nindakaké apa?
- Salebeting Mis tjetjawis prajoginipun sami tataseḍija tumudju ḍateng Kurban Mis ingkang
84