Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/83

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

4] 253. Bareng ngasta tuwung isi anggur, Gusti ngendika kaprijé?

    Sareng ngasta tuwung isi anggur, Gusti ngendika:,,Pada ngombéa kabèh waé saka tuwung iki: „Iki Getihku, kang diesokaké minangka pangapuraning dosa".

5] 254. Anggèné Gusti paring panguwasa marang para Rasul malihaké roti lan anggur dadi Salira lan Rah Dalem, iku ngendika kaprijé?

    Anggènipun Gusti paring panguwaos ḍateng para Rasul malihaken roti lan anggur dados Salira lan Rah Dalem menika srana ngandika: ,,Iki mau pada tindakna minangka pangéling-éling marang Aku".

5] 255. Marga Gusti ngendika: „Iki Saliraku..... Iki Getihku" mau, apa sing klakon?

    Margi Gusti ngendika:,,Iki Saliraku iki Getihku" wau, roti lan anggur malih dados Salira lan Rah Dalem; ing ngriku Gusti ngun- djukaken Kurban Salib Dalem tanpa akuṭah Rah.

5] 256. Gusti jasa Ékaristi Sutji iku apa sing dikersakaké?

    Gusti jasa Ékaristi Sutji menika ingkang dipunkersakaken:
  1. supados wonten ing kurban Mis Sutji Gusti tanpa kenḍat ngundjukaken Salira Dalem krana kula sadaja, sarta ngemutaken dateng kula sadaja menggahing sangsara Dalem ingkang sutji.

81