Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/81

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Hjang Roh Sutji, ingkang ndjebadi sukma mawi peparing Dalem pepitu kanți mirunggan.
  2. Sih pitulungan amrih sadjeg kula gesang tanpa mèngèng suka paseksèn menggahing Sang Kristus.

6] 247. Awèh paseksèn mungguhing Sang Kristus iku karepé kaprijé?

Suka paseksèn menggahing Sang Kristus menika kadjengipun:
  1. srana gesang tjara Katulik sedjati, ugi wonten ing masarakat.
  2. srana nindakaken pakarjaning rasul.
  3. srana, jèn perlu, boten adjrih mbélani Sang Kristus, malah purun pedjah dados martir.

3] 248. Jèn nampa Sakramèn Kasantosan kanṭi pantes iku sukmané kudu kaprijé?

Jèn nampi Sakramèn Kasantosan kanți pantes menika sukmanipun kedah kasinungan Sih kasusantan.

4] 249. Jen wong dibaptis lan jèn nampa Sakramèn Kasantosan iku diparingi asmané para Sutji, iku perluné apa?

Jèn tijang dipunbaptis lan jèn nampi Sakramèn Kasantosan dipunparingi asmanipun para Sutji, menika perlunipun: supados angsal pengajomanipun, lan supados tijang kagugah manahipun nulad kautamènipun para Sutji wau.

79