Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/80

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Piwulang kang ping sangalikur.
SAKRAMÈN KASANTOSAN.

3] 243. Sakramèn Kasantosan iku apa?

Sakramèn Kasantosan menika Sakramèn ingkang murugaken Hjang Roh Sutji rawuh mirunggan neḍaki tijang, perlu njentosakaken pengandelipun.
„Wong-wong mau mung lagi dibaptis baé. Para Rasul bandjur numpangaké astané, lan wong-wong mau nampani Hjang Roh Sutji”.

Acta 8 16. 17.

3] 244. Sing nampakaké Sakramèn Kasantosan iku sapa?

Ingkang nampèkaken Sakramèn Kasantosan menika Kangdjeng Biskop; nanging jèn wonten tijang nemahi bebaja pedjah, ingkang nampèkaken Sakramèn wau kénging ugi Rama-Pastur ing wewengkoning parokinipun.

6] 245. Jen ora nampa Sakramèn Kasantosan apa ija bisa munggah Swarga?

Jèn boten nampi Sakramèn Kasantosan inggih saged minggah Swargi; nanging sinten ingkang boten nampi Sakramèn wau, kapitunèn Sih Dalem ingkang ageng sanget.

4] 246. Sakramèn Kasantosan iku ngolèhaké apa?

Sakramèn Kasantosan menika ngangsalaken:
  1. tetengering sukma ingkang salaminipun boten baḍé itjal sarta inḍaking Sih kasusantan, ingkang murugaken kula sami dados tijang Katulik ingkang sampun diwasa.

78