Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/8

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
mBangun katresnan.

 Gusti Allahing Katresnan, /kawula tresna ing Sampéjan Dalem ngungkuli samukawis kanți gumolonging manah, awit Sampéjan Dalem menika maha saé sarta sakalangkung pantes sanget dipun tresnani./ Margi kawula tresna ḍateng Sampéjan Dalem, kawula ugi tresna ḍateng sesami kados dateng badan kawula pijambak./
 Gusti, kawula aturi tansah nginḍakaken katresnan kawula!

mBangun keduwung.

 Allah ingkang Maha welas, /kawula keduwung déné kawula, margi dosa kawula, pantes kapatrapan siksa saking Sampéjan Dalem, /langkung-langkung déné kawula ngantos adamel gerahing panggalih Dalem, ingkang misaèni dateng kawula tanpa wangenan sarta djumeneng tuking sadaja kasaénan./ Kawula geting dateng sadaja dosa kawula saha gaḍah nijat, sarana sih pitulungan Dalem, /badé ngleresaken gesang kawula, tuwin boten badé nglampahi dosa malih-malih./
 Gusti, kawula tijang dosa, njuwun kawelasan Dalem!

Mugi linuhurna.

 Mugi linuhurna Hjang Rama, saha Hjang Putra tuwin Hjang Roh Sutji./Kados ing mulabuka, samenika, sarta ing salami-laminipun.

Patang prekara kang perlu-perlu.
  1. Gusti Allah iku mung sidji.
  2. Djedjer Dalem Gusti Allah iku telu: Hjang Rama, Hjang Putra, Hjang Roh Sutji.

6