Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/79

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

5] 238. Jèn sing dibaptis baji, anggoné saguh kaprijé?

Jèn ingkang dipunbaptis baji, anggènipun sagah lantaran sesulihipun, inggih menika Emban-baptis.

5] 239. Wadjibé Bapa-bijung lan Emban-baptis iku apa?

Bapa-bijung lan Emban-baptis menika wadjib istijar, supados pun laré kagula-wențah salaras kalijan Agami Katulik, lan gesang tjara tijang Katulik.

6] 240. Apa dosa asal iku ana kalané bisa diapura tanpa Sakramèn Baptis?

Inggih, dosa asal menika wonten kalanipun saged dipunapunten tanpa Sakramèn Baptis, inggih menika lantaran Baptis-batos utawi Baptis-rah, nanging menika namung tumindak jèn kapeksa boten saged tampi Sakramèn Baptis.

6] 241. Baptis batin iku apa?

Baptis-batos menika: katresnan ḍateng Gusti Allah ingkang sampurna; katresnan ingkang kados mekaten menika sampun ngemot kepéngin ḍateng Sakramèn Baptis.

6] 242. Baptis-getih iku apa?

Baptis-rah menika: nemahi pedjah sahid krana Sang Kritus, mangka dèrèng dipunbaptis.

77