Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/78

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

4] 235. Sakramèn Baptis iku ngilangaké apa?

Sakramèn Baptis menika ngitjalaken dosa asal, dosa-dosa sanèsipun tuwin sadaja siksaning dosa.
,,Salaras karo Sih-palimirma Dalem Pandjenengané wis nebus aku-kowé kalané dilairaké manèh krana didusi lan dianjaraké ing Hjang Roh Sutji, kang wis dirawuhaké ngampil nugraha matumpa-tumpa lantaran Kangdjeng Gusti Jésus Kristus, Sang panebus".

Tit. 3 : 5. 6.

5] 236. Sakramèn Baptis iku ngolèhaké apa?

Sakramèn Baptis menika ngangsalaken:
  1. tetengering sukma ingkang boten baḍé sirna, sarta Sih kasusantan ingkang murugaken dados Katulik, dados putraning Allah, lan warganing Pasamuwan Sutji;
  2. Sih pitulungan sagedipun gesang netepi Piwulang Dalem Sang Kristus.

4] 237. Nalika aku dibaptis saguh apa?

Nalika kula dipunbaptis sagah:
  1. baḍé gesang salaras kalijan Pengandel Katulik,
  2. baḍé sélak ḍateng sétan.
,,Marga Baptis aku paḍa nḍèrèk dikubur bareng Sang Kristus, nunggal Séda Dalem; supaja, kaja déné Sang Kristus srana Kamuljan Dalem Hjang Rama diwungokaké saka séda, semono uga aku bandjur paḍa ngrasuk urip anjar".

Rom. 6 : 4.

76