Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/77

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

5] 230. Jagéné Baptis iku Sakramèn kang perlu ḍéwé?

Mila Baptis menika Sakramèn ingkang perlu pijambak, awit itjaling dosa asal lan wangsulipun wewenang minggah Swarga menika djalaran Sakramèn Baptis.
,,Jèn wong kuwi ora dilahiraké manèh saka banju lan roh, ora bakal bisa mlebu Kratoning Allah".

Joann. 3 : 5.

5] 231. Sakramèn Baptis iku apa?

Sakramèn Baptis menika Sakramèn ingkang murugaken tijang lahir malih angsal gesang ngungkuli kodrat, sarta dados warganing Pasamuwan Sutji.

3] 232. Sing nampakaké Sakramèn Baptis sapa?

Ingkang nampèkaken Sakramèn Baptis menika Imam; nanging jèn kepèpèt, saben tijang kénging lan kedah mbaptis.

3] 233. Sing dienggo mbaptis iku apa?

Ingkang dipunanggé mbaptis menika toja limrah.

5] 234. Wong mbaptis iku rékané kaprijé?

Tijang mbaptis menika rékanipun mekaten: Toja dipuntjuraken ing sirahipun tijang ingkang kabaptis, (utawi jèn kapeksanipun boten saged ing sirah, kénging ing salah satunggiling pé- ranganing badan sanèsipun); déné tijangipun ingkang ngetjuraken toja wau kedah ngutjapaken tetembungan,,Kowé takbaptis kondjuk ing Asma Dalem Hjang Rama saha Hjang Putra tuwin Hjang Roh Sutji" njarengi ilining toja.

75