Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/76

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

4] 225. Jèn wong nganḍut dosa gedé bisa nampa Sakramèn apa?

Jèn tijang nganḍut dosa ageng, saged nampi Sakramèn Baptis lan Sakramèn Pangakening dosa.

4] 226. Jèn nampa Sakramèn ora pantes iku nglakoni apa?

Jèn nampi Sakramèn boten pantes menika nglampahi dosa ageng, ingkang kawastanan dosa nradjang angker.

6] 227. Jèn sing nampakaké iku ora pantes, apa Sakramen bandjur kelangan dajané?

Jèn ingkang nampèkaken Sakramèn menika boten pantes, Sakramèn boten kétjalan dajanipun babar pisan, awit dajaning Sakramèn, manut jejasan Dalem Sang Kristus, pinanggih wonten ing Sakramèn pijambak.


Piwulang kang ping wolulikur.
SAKRAMÈN BAPTIS.

3] 228. Sakramèn kang ḍisik ḍéwé lan kang perlu ḍéwé iku endi?

Sakramèn ingkang rumijin pijambak lan ingkang perlu pijambak menika: Sakramèn Baptis.

5] 229. Jagéné Baptis iku Sakramèn kang disik déwé?

Mila Baptis menika Sakramèn ingkang rumijin pijambak, awit menawi tijang dèrèng dipunbaptis boten saged nampi Sakramèn sanèsipun kalajan absah.

74