Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/75

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

4] 220. Gusti jasa Sakramèn pira?

Gusti jasa Sakramèn pitu, inggih menika: 1) Baptis, 2) Kasantosan, 3) Ékaristi Sutji utawi Sakramèn Maha Sutji, 4) Pangakening dosa, 5) Lisah Sutji, 6) Kaimaman lan 7) Idjab.

4] 221. Sakramen endi kang paring tetenger langgeng?

Ingkang paring tetenger langgeng, inggih menika: Sakramèn Baptis, Sakramèn Kasantosan lan Sakramèn Kaimaman. Milanipun Sakramèn tiga menika boten kénging katampi langkung saking sepisan.

6] 222. Tetenger iku marakaké apa?

Margi tetenger menika kula ladjeng sami katunggilaken kalijan Sang Imam Agung Kristus ing salami-laminipun tjara mirunggan.

5] 223. Sakramèn-Sakramèn iku ngolèhaké sih apa?

Sakramèn-Sakramèn menika ngangsalaken Sih kasusantan utawi inḍaking Sih kasusantan wau; kedjawi menika saben Sakramèn ngangsalaken Sih pitulungan ingkang béda-béda tumrap Sakramèn satunggal-satunggalipun.

5] 224. Apa saben wong kang nampa Sakramèn, hija mesṭi olèh Sih Dalem?

Inggih, saben tijang ingkang nampi Sakramèn kalajan absah, mesti angsal Sih Dalem; kedjawi ta jèn anggènipun nampi menika boten kalajan pantes.

73