Kaca iki wis divalidasi
- sikaken lan njentosakaken manah sagedipun nindakaken ingkang saé sarta nilar ingkang awon.
3] 217. Apa saben wong pinaringan Sih Dalem?
- Inggih, saben tijang pinaringan Sih Dalem, apesipun njekapi kanggé minggah ḍateng Swarga.
- ,,Gusti Allah ngersakaké supaja kabèh wong bisa olèh karahajon lan bisa ngerti marang kanjataan". I Tim. 2: 4.
4] 218. Jèn wong ora gelem migunakaké Sih Dalem apa ija bisa munggah Swarga?
- Jèn tijang boten purun migunakaken Sih Dalem inggih boten saged minggah Swarga.
- ,,Aku kang paḍa mbantu pakarjaning Allah awèh pamrajoga: adja nganti pada nampa Sih Dalem kalawan muspra". II Cor. 6: 1
- ,,Para sedulur, paḍa ngudia ing sagadug- gadugmu, amrih tetepé anggonmu wis paḍa tinimbalan lan pinilih". II Petr. 1: 10.
Piwulang kang ping pitulikur.
SAKRAMÈN-SAKRAMÈN.
SAKRAMÈN-SAKRAMÈN.
5] 219. Sakramèn iku apa?
- Sakramèn menika pakarjan tuwin tetembungan jasan Dalem Sang Kristus, ingkang mratandani lan inggih ngangsalaken Sih Dalem.
72