Menyang kontèn

Kaca:Katechimus utawa Piwulang Agama Katulik.pdf/72

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Piwulang kang ping nemlikur.
SIH DALEM GUSTI ALLAH.

5] 205. Sih Dalem iku apa?

Sih Dalem menika peparing ngungkuli kodrat kaparingaken dateng tijang supados saged nggajuh karahajon langgeng.

5] 206. Sih Dalem iku peparing saka sapa?

Sih Dalem menika peparing saking Kangdjeng Gusti Jésus Kristus ingkang sampun ngangsalaken sadajaning Sih kanggé sadaja tijang srana lelabet Dalem.

5] 207. Sih Dalem iku ana pirang warna?

Sih Dalem menika wonten kalih warni, inggih menika: Sih kasusantan tuwin Sih pitulungan.

6] 208. Sih kasusantan iku apa?

Sih kasusantan menika peparinging Allah ingkang ngungkuli kodrat, lestantun mandjing ing sukma lan ndjalari kula sami nḍèrèk kepanduman gesang Dalem Gusti Allah wonten ing Sang Kristus.
,,Peparinging Sih Dalem iku urip langgeng ing Sang Kristus Pangéranku". Rom. 6: 23.

5] 209. Sih kasusantan iku ngolèhaké apa?

Sih kasusantan menika:
  1. ngresikaken sukma saking dosa.
  2. maringi gesanging sukma ingkang ngung- kuli kodrat, sarta:
  3. murugaken Hjang Trinidji Sutji dedalem wonten ing sukma.

70